-
Ibrani 2:2-4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Nèk sing diomongké Gusti Allah marang nènèk moyangé awaké dhéwé liwat para malaékat kuwi+ kebukti isa dipercaya, lan nèk saben wong sing nglanggar hukum lan sing ora manut nampa hukuman sing pantes ditampa,+ 3 apa awaké dhéwé isa lolos nèk awaké dhéwé ora nggatèkké berita soal Gusti Allah sing bakal nylametké nganggo cara sing luar biasa?+ Berita kuwi mulai diwartakké Gustiné awaké dhéwé,+ lan wong-wong sing ngrungokké dhèwèké ngandhani awaké dhéwé soal berita kuwi. 4 Gusti Allah nduduhké nèk sing diomongké wong-wong kuwi bener. Gusti Allah nduduhké kuwi liwat mukjijat, tumindak sing ajaib,+ lan roh suci sing dibagèkké sesuai karo karepé.+
-