-
Pangandharing Torèt 24:14, 15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 ”Aja curang wektu mbayar buruhmu sing lagi susah lan mlarat, embuh kuwi sedulurmu utawa wong asing sing ana ing tanahmu, ing kutha-kuthamu.*+ 15 Upahé kudu mbok bayar dina kuwi,+ sakdurungé matahari terbenam, merga dhèwèké mlarat lan uripé bergantung karo upahé. Nèk ora mbok bayar, dhèwèké bakal sambat soal kowé marang Yéhuwah, lan kowé bakal dianggep dosa.+
-
-
Yérémia 22:13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Cilaka kowé sing mbangun omah ning carané ora jujur
Lan mbangun kamar-kamar ndhuwur ning carané ora adil,
Sing ngongkon wong liya kerja ning ora mènèhi apa-apa,
Sing ora gelem mbayar upahé.+
-
-
Maléakhi 3:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 ”Aku bakal teka kanggo ngadili kowé. Aku bakal langsung ngadili wong-wong sing nggunakké ilmu gaib,+ wong sing laku jina, wong sing nggawé sumpah palsu,+ wong sing ngapusi buruh upahan,+ wong sing ngapusi randha lan anak yatim,*+ lan wong sing ora gelem mbantu* wong asing.+ Wong-wong kuwi ora wedi karo* Aku,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
-