6 Rungokna, ana wong sing ngomong, ”Tulung umumké.”
Terus ana sing takon, ”Lha aku kudu ngumumké apa?”
”Kabèh manungsa kuwi kaya suket ijo.
Kesetiaané wong-wong kuwi kaya kembang ing padhang.+
7 Suket ijo akhiré dadi garing,
Kembang dadi layu,+
Merga kena angin saka Yéhuwah.+
Pancèn manungsa kuwi kaya suket ijo.