-
1 Timotius 5:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Aja kasar wektu ngélikké wong lanang sing luwih tuwa.+ Ning, kowé kudu apikan wektu ngomong karo wong lanang sing luwih tuwa kaya nèk kowé ngomong karo bapakmu. Kowé ya kudu apikan wektu ngomong karo wong lanang sing luwih enom kaya nèk kowé ngomong karo adhimu. 2 Wektu ngomong karo wong wédok sing luwih tuwa, kowé kudu apikan kaya nèk kowé ngomong karo ibumu. Wektu ngomong karo wong wédok sing luwih enom, kowé ya kudu apikan kaya nèk kowé ngomong karo adhimu, lan niatmu kudu murni.
-