11 Sedulur-sedulur, kowé kudu terus bahagia, nggawé perubahan, nampa penghiburan,+ nduwé pikiran sing padha,+ lan urip rukun.+ Nèk nindakké kuwi, Gusti Allah sing nggawé ayem lan sing gedhé katresnané+ terus nglindhungi kowé.
13 Kowé kudu bener-bener nresnani lan ngajèni wong-wong kuwi merga apa sing wis ditindakké wong-wong kuwi.+ Kowé kudu ngupaya bèn tetep rukun karo liyané.+
14 Mula, sedulur-sedulur sing tak sayangi, merga kowé ngentèni kabèh iki, kowé kudu ngupaya tenanan bèn pas didelok Gusti Allah kowé resik, ora ana cacadé, lan nduwé hubungan sing apik karo Dhèwèké.+