-
Purwaning Dumadi 19:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Pas matahari wis arep terbit, para malaékat kuwi ngongkon Lot cepet-cepet lunga lan kandha, ”Cepet gawanen bojomu lan anakmu wédok loro bèn kowé ora mèlu disingkirké merga kesalahané kutha iki.”+ 16 Lot ora ndang cepet-cepet. Ning, merga Yéhuwah mesakké karo dhèwèké,+ wong lanang loro kuwi nyekel tangané Lot, tangané bojoné, lan tangané anaké wédok loro, terus nggawa wong-wong kuwi metu saka kutha.+
-