-
Purwaning Dumadi 3:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Terus Gusti Allah Yéhuwah kandha marang ula,+ ”Merga tumindakmu iki, kowé dikutuk saka antarané kabèh kéwan peliharaan lan kéwan liar. Kowé bakal mlaku nganggo wetengmu, lan kowé bakal mangan debu sakjegé uripmu.
-
-
Yohanes 8:44Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
44 Bapakmu kuwi Iblis, lan kowé péngin nindakké karepé bapakmu.+ Dhèwèké kuwi tukang matèni kèt dhèwèké mulai mbrontak.+ Dhèwèké ya nyimpang saka apa sing bener, merga apa sing bener ora ana ing njero atiné. Nèk dhèwèké ngapusi, kuwi pancèn wataké, merga dhèwèké tukang ngapusi lan bapaké wong-wong sing seneng ngapusi.+
-