-
Pangandharing Torèt 17:2-5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 ”Nèk ing kutha sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu ana wong lanang utawa wédok sing nindakké apa sing jahat kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu lan nglanggar perjanjiané Gusti Allahmu,+ 3 terus dhèwèké ninggalké Gusti Allah lan nyembah allah-allah liya lan sujud marang allah-allah kuwi utawa marang matahari, bulan, utawa kabèh sing ana ing langit,*+ padahal kuwi wis tak larang,*+ 4 terus ana sing nglaporké soal kuwi marang kowé lan kowé ngerti soal kuwi, kowé kudu nyelidiki tenanan kasus kuwi. Nèk kuwi kebukti bener,+ berarti ing Israèl pancèn ana tumindak sing njijiki kanggoné Gusti Allah, 5 lan kowé kudu nggawa wong lanang utawa wong wédok kuwi ing gerbang kutha, lan wong kuwi kudu mbok bandhemi* watu nganti mati.+
-