-
Ibrani 6:4-6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Ana wong-wong sing wis nolak ajaran sing bener, lan ora ana sing isa mbantu wong-wong kuwi mertobat. Wong-wong kuwi wis dipadhangi+ nganggo ajaran sing bener, wis nampa anugrah saka swarga, wis nampa roh suci, 5 wis nampa omongané Gusti Allah sing apik, lan wis ndelok berkah-berkah* sing bakal ditampa ing jaman* sukmbèn. 6 Ning, wong-wong kuwi+ ora mungkin isa dibantu bèn mertobat, merga wong-wong kuwi wis maku manèh Anaké Gusti Allah ing cagak lan nggawé dhèwèké dirèmèhké wong akèh.+
-
-
Wahyu 21:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Ning wong sing ora kendel, sing ora nduwé iman,+ sing najis lan njijiki, sing seneng matèni,+ sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes,*+ sing nindakké spiritisme,* sing nyembah brahala, lan kabèh wong sing seneng ngapusi+ bakal diuncalké ing danau geni lan belérang sing geniné murub.+ Iki artiné kematian sing keloro.”+
-