-
Yohanes 15:10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Nèk kowé nindakké préntah-préntahku, kowé bakal tetep dadi wong sing tak tresnani, kaya aku wis nindakké préntah-préntahé Bapak lan tetep dadi wong sing ditresnani Bapak.
-
-
Roma 8:38, 39Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
38 Aku yakin nèk ora ana sing isa nggawé Gusti Allah ora sayang manèh karo awaké dhéwé, embuh kuwi kematian, urip, malaékat, pamréntah, kuwasa, apa waé sing ana saiki, apa waé sing bakal ana sukmbèn,+ 39 kabèh sing ana ing ndhuwur, kabèh sing ana ing ngisor, utawa ciptaan liyané. Ora ana sing isa nggawé Gusti Allah ora sayang manèh karo awaké dhéwé. Rasa sayangé kuwi diduduhké liwat Kristus Yésus, Gustiné awaké dhéwé.
-