4 Aku, Yohanes, nulis iki kanggo jemaat pitu+ ing Provinsi Asia:
Muga-muga ”Gusti Allah sing mbiyèn ana, sing saiki ana, lan sing bakal teka”+ lan roh suci pitu+ sing ana ing ngarep takhtané apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.
6 Terus, ing tengah-tengahé kerub papat lan para pinituwa kuwi,+ aku ndelok ana domba+ sing ngadeg ing cedhaké takhta. Anak domba kuwi kayané tau dibelèh+ lan nduwé sungu pitu lan mripat pitu. Mripat pitu kuwi nglambangké roh suci pitu+ sing wis diwènèhké ing bumi.