16Terus, aku krungu swara banter saka bait*+ sing ngongkon malaékat pitu kuwi, ”Mangkata lan esokna isiné mangkok pitu kuwi, yaiku nesuné Gusti Allah, menyang bumi.”+
12 Malaékat sing keenem ngesokké isi mangkoké menyang kali gedhé Éfrat.+ Bar kuwi, banyuné kali kuwi dadi asat+ nganti isa dienggo liwat raja-raja+ saka wétan.*
17Salah siji saka malaékat pitu sing nggawa mangkok pitu+ kuwi mara lan ngomong karo aku, ”Ayo, tak duduhi hukuman kanggo pelacur gedhé sing lungguh ing ndhuwuré banyu sing akèh.+