-
Mazmur 119:103Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
103 Omongan-Mu kuwi nyenengké banget,
Rasané luwih legi timbang madu.+
-
-
Yèhèzkièl 3:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Terus, Dhèwèké kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, panganen apa sing ana ing ngarepmu. Panganen gulungan iki, terus mangkata, lan kandhanana wong Israèl.”+
2 Mula aku mangap, lan Dhèwèké mènèhi aku gulungan kuwi bèn tak pangan. 3 Terus Dhèwèké kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, panganen gulungan sing Tak wènèhké marang kowé kuwi bèn kowé wareg.” Mula gulungan kuwi tak pangan, lan rasané legi kaya madu.+
-