PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 8:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Wektu kuwi, Salomo ngumpulké+ para pemimpin* Israèl, kabèh kepala suku, lan para pemimpin keluarga pihak bapak.+ Wong-wong kuwi teka marani Raja Salomo ing Yérusalèm kanggo mindhah pethi perjanjiané Yéhuwah saka Kutha Daud,+ yaiku Zion.+

  • 1 Para Raja 8:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Terus, para imam nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah menyang panggonané,+ ing ruangan sing paling njero ing omah kuwi, yaiku Ruang Mahasuci, lan ndèlèhké kuwi ing ngisoré sayapé kerub-kerub.+

  • Ibrani 8:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Iki intiné saka apa sing tak rembug: Awaké dhéwé nduwé imam agung kaya ngono,+ lan dhèwèké wis lungguh ing sebelah tengené Gusti Allah sing Hébat sing ana ing takhtané ing swarga.+ 2 Dhèwèké dadi abdi ing panggonan suci+ lan ing kémah sing sejati sing dibangun Yéhuwah,* dudu manungsa.

  • Ibrani 9:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Ning Kristus wis dadi imam agung, lan awaké dhéwé wis ngrasakké berkah-berkahé. Wektu dhèwèké dadi imam agung, dhèwèké ngliwati kémah sing luwih hébat lan luwih sampurna, sing ora digawé nganggo tangané manungsa lan ora ana ing bumi.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim