6 Terus, ing tengah-tengahé kerub papat lan para pinituwa kuwi,+ aku ndelok ana domba+ sing ngadeg ing cedhaké takhta. Anak domba kuwi kayané tau dibelèh+ lan nduwé sungu pitu lan mripat pitu. Mripat pitu kuwi nglambangké roh suci pitu+ sing wis diwènèhké ing bumi.
12 Para malaékat kuwi ngomong nganggo swara banter, ”Anak Domba sing wis tau dibelèh+ kuwi pantes nampa kuwasa, berkah, kawicaksanan,* kekuwatan, kehormatan, kemuliaan, lan pujian.”+