-
Yérémia 51:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Mbiyèn, Babilon kuwi kaya gelas emas sing dicekel Yéhuwah.
Babilon wis nggawé kabèh bangsa ing bumi padha mabuk.
Bangsa-bangsa dadi mabuk merga angguré.+
Kuwi sebabé bangsa-bangsa dadi édan.+
8 Ujug-ujug, Babilon rubuh lan hancur.+
Tangisana sing banter.+
Jupuken balsam* kanggo nambani larané. Sapa ngerti dhèwèké isa mari.”
-
-
Wahyu 17:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Salah siji saka malaékat pitu sing nggawa mangkok pitu+ kuwi mara lan ngomong karo aku, ”Ayo, tak duduhi hukuman kanggo pelacur gedhé sing lungguh ing ndhuwuré banyu sing akèh.+ 2 Raja-raja ing bumi nindakké hubungan sèks sing ora pantes*+ karo dhèwèké. Penduduk bumi ya digawé mabuk merga angguré, yaiku hubungan sèks sing ora pantes.”*+
-
-
Wahyu 18:2, 3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Terus, malaékat kuwi mbengok, ”Dhèwèké wis dikalahké. Babilon Gedhé wis dikalahké.+ Dhèwèké wis dadi panggonané roh-roh jahat lan dadi panggonan kanggo ndhelik malaékat-malaékat sing jahat lan kabèh manuk sing najis lan njijiki.+ 3 Kuwi kelakon merga kabèh bangsa wis dadi korban+ saka angguré, yaiku nafsuné kanggo nindakké hubungan sèks sing ora pantes.* Raja-raja ing bumi padha nindakké hubungan sèks sing ora pantes karo dhèwèké.+ Para pedagang* ing bumi ya dadi makmur merga barang-barang méwah sing diklumpukké wong wédok kuwi tanpa ngrasa isin.”
-