-
1 Korintus 15:51, 52Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
51 Aku ngandhani kowé rahasia suci iki: Saka antarané awaké dhéwé, ora kabèh bakal mati.* Ning, Gusti Allah bakal ngubah awaké dhéwé+ 52 ing wektu sing singkat banget, kaya sak kedhèp mripat, wektu trompèt sing terakhir muni. Wektu trompèt kuwi muni,+ wong mati bakal diuripké manèh nganggo badan sing ora isa rusak, lan Gusti Allah bakal ngubah awaké dhéwé.
-
-
1 Tésalonika 4:16, 17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Gusti bakal mudhun saka swarga, terus mènèhi préntah nganggo swarané pemimpin malaékat+ lan trompèté Gusti Allah. Muridé Kristus sing wis mati bakal urip luwih dhisik.+ 17 Sakwisé kuwi, awaké dhéwé sing isih urip bakal digawa munggah ing méga-méga+ bareng karo wong-wong kuwi bèn isa ketemu karo Gusti+ ing langit. Mula, awaké dhéwé bakal terus ana bareng karo Gusti.+
-