-
Wahyu 19:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Terus, aku krungu swara banter kaya swarané akèh malaékat ing swarga, sing kandha, ”Pujinen Yah.*+ Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing nylametké awaké dhéwé. Dhèwèké kuwi mulya lan nduwé kuwasa. 2 Pengadilané Gusti Allah kuwi bener lan adil.+ Dhèwèké wis ngukum pelacur gedhé sing wis nggawé bumi rusak merga nindakké hubungan sèks sing ora pantes.* Gusti Allah ya wis mbaleské getihé budhak-budhaké sing dipatèni pelacur kuwi.”+
-