-
Wahyu 6:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Wektu Anak Domba kuwi mbukak meterai kelima, aku ndelok ing dhasar mézbah+ ana getihé+ wong-wong sing dipatèni merga manut omongané Gusti Allah lan merga mènèhi kesaksian.+ 10 Getihé wong-wong kuwi ngomong nganggo swara banter, ”Gusti sing Mahakuwasa, sing suci lan bener,+ kapan Njenengan bakal ngadili lan mbales wong-wong ing bumi sing wis matèni aku?”+
-
-
Wahyu 16:5, 6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Aku krungu malaékat sing nduwé kuwasa marang banyu kuwi kandha, ”Njenengan kuwi Gusti Allah sing setya,+ sing mbiyèn ana, lan sing saiki ana.+ Njenengan adil merga wis nindakké pengadilan iki.+ 6 Njenengan nggawé wong-wong kuwi ngombé getih.+ Wong-wong kuwi pantes nampa hukuman+ kuwi merga wis ngesokké getihé para wong suci lan para nabi.”+
-