PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 61:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Aku bakal ngrasa seneng merga Yéhuwah.

      Atiku seneng banget merga Gusti Allah.+

      Tumindaké kanggo nylametké aku kaya klambi sing dianggokké aku.+

      Wektu Dhèwèké kandha nèk aku nindakké sing bener, kuwi kaya nèk Dhèwèké nganggokké aku jubah,

      Kaya mantèn lanang sing nganggo serban,*+

      Lan kaya mantèn wédok sing nganggo perhiasan.

  • Éfésus 5:25-27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Wong lanang, kowé kudu terus sayang karo bojomu,+ kaya Kristus sayang karo jemaat lan masrahké uripé kanggo jemaat.+ 26 Kristus nindakké kuwi supaya dhèwèké isa nggawé jemaat dadi suci lan resik nganggo omongané Gusti Allah+ sing dipadhakké kaya banyu. 27 Hasilé, jemaat dadi kétok apik kanggoné Yésus, ora reged, ora rusak, lan ora ana kekurangan liyané.+ Jemaat dadi suci lan ora ana cacadé.+

  • Wahyu 14:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Wong-wong kuwi ora tau nindakké hubungan sèks sing ora pantes karo wong wédok. Wong-wong kuwi ora tau turu karo sapa-sapa.*+ Wong-wong kuwi terus ngetutké ing endi waé Anak Domba kuwi lunga.+ Wong-wong kuwi dituku+ saka antarané manungsa dadi kaya hasil panèn pertama+ sing diwènèhké marang Gusti Allah lan Anak Domba kuwi.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim