-
Filipi 2:9-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Kuwi sebabé Gusti Allah mènèhi dhèwèké kedudukan sing luwih dhuwur timbang sing sakdurungé+ lan mènèhi dhèwèké jeneng sing luwih unggul timbang kabèh jeneng liyané.+ 10 Gusti Allah nindakké kuwi bèn kabèh sing ana ing swarga, ing bumi, lan ing ngisor lemah*+ ngajèni jenengé Yésus. 11 Kabèh kudu ngakoni ing ngarepé wong akèh nèk Yésus Kristus kuwi Gusti+ bèn isa ngluhurké Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé.
-
-
Wahyu 17:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Raja sepuluh kuwi bakal perang nglawan Anak Domba.+ Ning, Anak Domba kuwi bakal ngalahké raja-raja kuwi+ merga dhèwèké kuwi Gustiné kabèh sing mréntah dadi gusti lan Rajané kabèh sing mréntah dadi raja.+ Raja-raja kuwi ya bakal dikalahké karo wong-wong sing diundang lan dipilih Gusti Allah lan sing setya karo Anak Domba.”+
-