37 Pas dina terakhir, yaiku dina sing paling penting ing perayaan kuwi,+ Yésus ngadeg lan ngomong nganggo swara banter, ”Nèk ana sing ngelak, maraa marang aku lan bakal tak wènèhi ngombé.+
17 sebab Anak Domba+ sing ana ing cedhaké takhta bakal dadi gembala+ lan ngarahké wong-wong kuwi ing mata air kehidupan.+ Gusti Allah ya bakal ngusapi air matané wong-wong kuwi.”+
6 Dhèwèké ya ngomong karo aku, ”Kabèh kuwi wis kelakon. Aku iki Alfa lan Oméga,* sing awal lan sing akhir.+ Aku bakal mènèhké banyu saka mata air kehidupan marang sapa waé sing ngelak, lan wong-wong kuwi ya ora perlu mbayar.+