Purwaning Dumadi
22 Sakwisé kuwi, Gusti Allah sing bener péngin ngerti sepira kuwaté imané Abraham.+ Gusti Allah kandha, ”Abraham.” Abraham njawab, ”Ya, Gusti.” 2 Terus Gusti Allah kandha, ”Gawanen Ishak,+ anak tunggalmu sing mbok sayangi,+ terus lungaa menyang tanah Moria.+ Anakmu dadèkna persembahan bakaran ing salah siji gunung sing bakal Tak duduhké marang kowé.”
3 Mula, Abraham tangi ésuk-ésuk lan nyiapké keledainé, terus ngejak pembantuné loro lan Ishak anaké. Dhèwèké mbelah kayu kanggo persembahan bakaran, terus lunga menyang panggonan sing diduduhké Gusti Allah sing bener. 4 Ing dina ketelu, akhiré Abraham isa ndelok panggonan kuwi saka kadohan. 5 Abraham kandha karo pembantuné, ”Kowé ngentèni ing kéné karo keledai iki, ya. Aku karo anakku bakal mrana kanggo ngibadah, terus bali mréné manèh.”
6 Abraham njupuk kayu kanggo persembahan bakaran, lan Ishak dikongkon nggéndhong kayu-kayu kuwi. Abraham dhéwé nggawa geni* lan pisau.* Terus, wong loro kuwi mlaku bareng. 7 Ishak ngundang* Abraham, ”Pak.” Abraham njawab, ”Ya, Lé.” Ishak takon, ”Geni karo kayuné wis ana, tapi kok domba sing dienggo persembahan bakaran ora ana?” 8 Abraham njawab, ”Gusti Allah sing bakal nyiapké domba kanggo persembahan bakaran kuwi,+ Lé.” Terus wong loro kuwi mlaku manèh.
9 Akhiré, wong loro kuwi tekan ing panggonan sing diduduhké Gusti Allah sing bener. Ing kono, Abraham nggawé mézbah lan ndèlèhké kayu-kayu mau ing ndhuwuré. Abraham nalèni tangan lan sikilé Ishak, terus ndèlèhké Ishak ing ndhuwuré mézbah kuwi.+ 10 Sakwisé kuwi, Abraham njupuk pisau kanggo matèni anaké.+ 11 Ning, malaékaté Yéhuwah ngundang* Abraham saka langit, ”Abraham, Abraham!” Terus Abraham njawab, ”Ya, Gusti.” 12 Malaékat* kuwi kandha, ”Bocah kuwi aja mbok patèni lan aja mbok apak-apakké. Saiki Aku ngerti nèk kowé wong sing wedi karo Gusti Allah, merga kowé gelem mènèhké anak tunggalmu kanggo Aku.”+ 13 Abraham ndelok ana domba lanang sing sunguné nyangkut ing semak-semak ora adoh saka kono. Abraham njupuk domba jantan kuwi, terus didadèkké persembahan bakaran kanggo nggantèni anaké. 14 Abraham njenengi panggonan kuwi Yéhuwah-yirèh.* Kuwi sebabé wong-wong biasané kandha, ”Ing gunungé Yéhuwah, kuwi bakal disedhiakké.”+
15 Malaékaté Yéhuwah ngundang* Abraham manèh saka langit, 16 terus kandha, ”Yéhuwah kandha,+ ’Aku tenanan sumpah, merga kowé wis manut karo préntah-Ku lan gelem mènèhké anak tunggalmu kanggo Aku,+ 17 Aku mesthi bakal mberkahi kowé lan nggawé keturunanmu* dadi akèh banget kaya bintang ing langit lan kaya pasir ing pantai.+ Keturunanmu* mesthi bakal ngrebut kuthané* mungsuh-mungsuhé.+ 18 Liwat keturunanmu,*+ kabèh bangsa ing bumi bakal éntuk berkah merga kowé wis ngrungokké omongan-Ku.’”+
19 Sakwisé kuwi, Abraham marani para pembantuné, terus wong-wong kuwi mulih bareng menyang Béèr-syéba.+ Abraham tetep manggon ing Béèr-syéba.
20 Sakwisé kuwi, Abraham dikabari, ”Milka, bojoné Nahor kakangmu, wis nglairké anak-anak lanang.+ 21 Sing pertama jenengé Uz, adhiné jenengé Buz, sing liyané jenengé Kémuèl bapaké Aram, 22 Khèsèd, Hazo, Pildas, Yidlaf, lan Bètuèl.”+ 23 Bètuèl kuwi bapaké Ribka.+ Wong wolu kuwi anak-anaké Milka bojoné Nahor kakangé Abraham. 24 Gundhiké Nahor sing jenengé Réuma ya nglairké anak-anak lanang sing jenengé Tébah, Gaham, Tahas, lan Maaka.