Kisah
27 Sakwisé diputuské nèk aku kabèh bakal numpak kapal menyang Italia, Paulus lan para tahanan liyané diserahké marang Yulius, yaiku perwira saka pasukan Agustus. 2 Aku kabèh numpak kapal sing arep mangkat saka Adramitium menyang pelabuhan-pelabuhan ing Provinsi Asia. Aristarkhus, wong Makédonia saka Tésalonika, uga mèlu. 3 Ing dina sakbanjuré, aku kabèh tekan ing Sidon, lan Yulius tumindak kanthi apikan banget* marang Paulus. Yulius ngijinké Paulus marani kanca-kancané supaya dhèwèké isa nampa bantuan saka kanca-kancané.
4 Saka kana, kapalé mlaku ing cedhak Siprus supaya ora kena angin saka arah sing béda. 5 Sakwisé kuwi, aku kabèh numpak kapal njlajahi lautan ing Kilikia lan Pamfilia, banjur mandheg ing Mira sing ana ing Likia. 6 Ing kana, perwira kuwi ngerti nèk ana kapal saka Alèksandria sing bakal lunga menyang Italia, lan dhèwèké ngongkon aku kabèh munggah kapal kuwi. 7 Sakwisé kapalé mlaku alon-alon nganti pirang-pirang dina, aku kabèh tekan ing Knidus kanthi rekasa. Merga anginé nerjang saka arah sing béda, kapalé mlaku ing cedhak Pulau Kréta ing Salmoné, supaya ora kena angin kuwi. 8 Sakwisé ngliwati cedhak pesisir kanthi rekasa, aku kabèh tekan ing panggonan sing disebut Pelabuhan Éndah, cedhak kutha Laséa.
9 Sakwisé pirang-pirang dina, kahanané dadi bahaya kanggo neruské perjalanan, lan wektuné pasa kanggo Dina Pangapurané Dosa uga wis liwat, mula Paulus mènèhi saran 10 marang wong-wong kuwi. Paulus kandha, ”Kanca-kanca, nèk tak delok, perjalanan iki bakal angèl banget lan mbebayani, ora mung kanggo kapal lan barang-barangé, nanging uga kanggo nyawané* awaké dhéwé.” 11 Nanging, perwira kuwi luwih ngrungokké kaptèn kapal lan sing nduwé kapal, ketimbang omongané Paulus. 12 Merga ora cocog nèk terus ana ing pelabuhan kuwi pas musim dingin, mula akèh-akèhé wong mènèhi saran supaya mangkat saka kono, lan nèk isa, wis tekan Fèniks saksuwéné musim dingin. Fèniks kuwi pelabuhan ing Pulau Kréta, sing madhep ngétan.*
13 Wektu angin semilir saka kidul, wong-wong ngira nèk bakal isa tekan menyang tujuané, mula padha ngangkat jangkar lan neruské perjalanan ing pesisir Pulau Kréta. 14 Nanging ora let suwé, ana badai sing disebut Euroakuilo* sing nerjang kapal kuwi. 15 Kapal kuwi katut lan ora isa nglawan angin gedhé kuwi, mula aku kabèh ngejarké kapalé mlaku ngetutké arah angin. 16 Sakwisé kuwi, aku kabèh neruské perjalanan ing cedhak pulau cilik sing jenengé Kauda, supaya ora kena angin kuwi. Nanging tetep waé, aku kabèh kudu ngupaya kanthi rekasa kanggo nylametké sekoci sing ana ing kapal bagéan mburi. 17 Sakwisé sekoci kuwi diunggahké ing kapal, wong-wong padha nggawé kapalé luwih kuwat nganggo cara nalèni bagéan ngisoré. Lan merga wedi nèk kapalé kandhas ing Sirtis,* wong-wong narik tali-taliné layar, banjur kapalé mlaku ngetutké angin. 18 Merga kapalé terus diterjang badai, ing dina sakbanjuré wong-wong padha mbuwang sebagéan barang-barang supaya kapalé saya ènthèng. 19 Banjur ing dina katelu, wong-wong padha mbuwangi sebagéan alat-alat kapal.
20 Akiré, merga srengéngé lan bintang ora kétok nganti pirang-pirang dina, lan badai sing gedhé nerjang aku kabèh, mula aku kabèh kélangan pangarep-arep nèk bakal slamet. 21 Merga wong-wong kuwi wis suwé ora mangan, Paulus ngadeg ing tengahé wong-wong kuwi lan kandha, ”Kanca-kanca, umpama kowé manut omonganku lan ora mangkat saka Pulau Kréta, awaké dhéwé ora bakal ngalami kahanan sing susah kaya ngéné utawa kudu mbuwang barang-barang ing laut. 22 Senajan ngono, aku njaluk supaya kowé kabèh padha tabah, merga ora ana siji-sijia wong ing antaramu sing bakal kélangan nyawa. Mung kapal iki sing bakal sirna. 23 Mau bengi Gusti Allah sing tak sembah, lan sing marang Panjenengané aku nindakké tugas suci, ngutus malaékaté kanggo ngadeg ing cedhakku 24 lan kandha, ’Aja wedi, Paulus. Kowé kudu ngadeg ing ngarepé Kaisar. Gusti Allah bakal nylametké kowé lan wong-wong sing numpak kapal bareng kowé.’ 25 Mula, tetepa tabah, kanca-kancaku. Aku percaya nèk Gusti Allah bakal tumindak persis kaya sing diomongké malaékat kuwi marang aku. 26 Nanging, awaké dhéwé bakal kandhas ing sawijiné pulau.”
27 Ing wengi kaping 14, aku kabèh isih diobat-abitké angin ing Laut Adria. Lan ing tengah wengi, para petugas kapal mulai ngira nèk kapalé wis cedhak karo daratan. 28 Para petugas kuwi ngukur jeroné banyu, lan jebulé jeroné kira-kira 36 mèter,* mula kapalé maju sithik lan diukur manèh, lan jeroné kira-kira 27 mèter.* 29 Merga wedi nèk kapalé kandhas ing watu karang, wong-wong kuwi mbuwang jangkar papat saka bagéan mburi kapal lan ngarep-arep supaya ndang ésuk. 30 Nanging, para petugas kapal mulai ngupaya kanggo ninggalké kapal lan ngedhunké sekoci ing laut, nganggo cara éthok-éthok ngedhunké jangkar saka kapal bagéan ngarep. 31 Merga kuwi Paulus kandha marang perwira lan prajurit, ”Nèk wong-wong kuwi ora tetep ana ing kapal iki, kowé kabèh ora bakal slamet.” 32 Mula para prajurit ngethok tali-taliné sekoci lan ngejarké sekoci kuwi kejegur ing laut.
33 Wektu mèh ésuk, Paulus ngejak kabèh wong kanggo mangan. Dhèwèké kandha, ”Wis 14 dina kowé kabèh ngentèni kanthi rasa kuwatir, tanpa mangan apa-apa. 34 Mula, apiké kowé kabèh padha mangan dhisik. Iki kanggo keslametanmu dhéwé, merga ora ana siji-sijia ing antaramu sing bakal mati.”* 35 Sakwisé ngomongké kuwi, Paulus njupuk roti, ngucap sokur marang Gusti Allah ing ngarepé kabèh wong kuwi, banjur nyuwil-nyuwil roti kuwi, lan mulai mangan. 36 Mula, wong-wong kuwi dadi tabah lan mulai mangan. 37 Cacahé kabèh sing ana ing kapal kuwi 276 wong.* 38 Sakwisé mangan nganti wareg, wong-wong padha mbuwang gandum ing laut supaya kapalé dadi saya ènthèng.
39 Wektu wis mulai padhang, wong-wong kuwi ndelok ana teluk sing ana pantainé, nanging ora ngerti kuwi pulau ngendi. Wong-wong kuwi mutuské nèk isa arep ngendhegké kapalé ing kono. 40 Mula wong-wong kuwi ngethok tali jangkar-jangkaré lan ngejarké kuwi kleleb ing laut. Ing wektu sing padha, tali-tali kemudhiné padha diuculi. Banjur layar bagéan ngarep dipasang supaya kapalé kesurung angin menyang pantai. 41 Nanging kapal kuwi nabrak bukit pasir sing ana ing ngisor laut, lan kandhas ing kono. Kapal bagéan ngarep nyangkut lan ora isa obah, lan sing bagéan mburiné remuk merga diterjang ombak. 42 Wektu weruh kuwi, para prajurit mutuské kanggo matèni kabèh tahanan supaya ora ana siji-sijia sing mlumpat njegur laut kanggo renang lan mlayu. 43 Nanging perwira kuwi menging para prajurit nindakké kuwi merga péngin nylametké Paulus. Dhèwèké mréntahké wong-wong sing isa renang kanggo mlumpat ing laut lan renang dhisik menyang daratan. 44 Banjur sing liyané nyusul nganggo papan utawa pecahané kapal. Akiré kabèh wong kuwi slamet tekan ing daratan.