2 Timotius
3 Padha ngertia nèk ing dina-dina pungkasan, kahanané bakal angèl diadhepi lan mbebayani. 2 Wong-wong mung bakal mikirké kepentingané dhéwé, ngutamakké mburu bandha, nyombongké awaké dhéwé, rumangsa hébat, seneng ngrèmèhké, ora manut karo wong tuwa, ora nduwé rasa matur nuwun, ora setya, 3 ora nduwé katresnan marang anggota keluarga, ora gelem sepakat* karo wong liya, seneng mitenah, ora isa ngendhalèni dhiri, kejem, sengit karo apa sing apik, 4 seneng ngianati, ngèyèl, sombong, nresnani kesenengan ketimbang nresnani Gusti Allah, 5 ing ngarepé wong liya wong-wong kuwi kétoké ngibadah marang Gusti Allah, nanging sakjané ora urip miturut ibadahé. Edohana wong-wong sing kaya ngono kuwi. 6 Ing antarané wong-wong kuwi ana wong-wong lanang sing kanthi licik nlusup menyang omah-omahé wong wadon sing ringkih lan akèh dosané, kanggo ngendhalèni wong-wong wadon kuwi. Wong-wong wadon kuwi dikuwasani karo akèh pepénginan. 7 Wong-wong wadon kuwi tansah sinau, nanging ora tau isa nduwé pangertèn sing trep bab apa sing bener.
8 Kaya Yanès lan Yambrès sing nentang Musa, wong-wong lanang kuwi terus nentang apa sing bener. Pikirané wong-wong kuwi bener-bener rusak, lan wong-wong kuwi ditolak Gusti Allah merga ora urip miturut imané. 9 Nanging, wong-wong kuwi ora bakal isa tumindak apa-apa manèh, merga kabèh wong wis padha ngerti kanthi cetha bodhoné wong-wong kuwi, kaya sing kelakon karo wong lanang loro kuwi. 10 Sewaliké, kowé wis tenanan ngetutké piwulangku, cara uripku, tujuanku, imanku, kesabaranku, katresnanku, lan ketekunanku. 11 Kowé uga padha ngerti nèk aku ngalami aniaya lan kasangsaran ing Antiokhia, Ikonium, lan Listra. Aku tekun ngadhepi kabèh aniaya kuwi, lan Gusti* nylametké aku saka kuwi kabèh. 12 Sakjané, kabèh wong sing urip nyawiji karo Kristus Yésus lan ngabdi marang Gusti Allah, uga bakal dianiaya. 13 Sewaliké, wong-wong sing jahat lan tukang ngapusi bakal dadi saya jahat, nyasarké lan disasarké.
14 Nanging kowé, terusa ngetutké kabèh sing wis kok sinau lan sing wis kok percayani sakwisé kowé diyakinké, merga kowé ngerti sapa sing mulangké kuwi marang kowé 15 lan wiwit cilik* kowé wis ngerti Kitab Suci, sing isa nggawé kowé dadi wicaksana lan dislametké merga kowé nduwé iman marang Kristus Yésus. 16 Kabèh sing ditulis ing Kitab Suci asalé saka Gusti Allah lan migunani kanggo mulang, nduduhké apa sing salah, mbenerké kabèh sing klèru, lan nglatih kita kanggo nindakké apa sing bener, 17 supaya abdiné Gusti Allah isa bener-bener sanggup lan siap nindakké saben perkara sing apik.