Ibrani
5 Saben wong sing dilantik kanggo dadi imam agung, nglayani manungsa ing bab-bab sing ana hubungané karo ibadahé marang Gusti Allah, supaya dhèwèké isa mènèhké persembahan lan kurban kanggo dosa. 2 Dhèwèké isa pangertèn* marang wong-wong sing kurang nduwèni kawruh lan wong-wong sing nindakké salah,* merga dhèwèké uga ngadhepi kelemahané dhéwé, 3 mula dhèwèké kudu mènèhi persembahan kanggo dosané dhéwé, kaya sing dhèwèké tindakké kanggo dosané bangsa kuwi.
4 Ora ana wong sing éntuk kaurmatan iki merga pepénginané dhéwé, nanging dhèwèké éntuk kaurmatan kuwi mung nèk dhèwèké dilantik karo Gusti Allah, kaya Harun. 5 Semono uga, Kristus ora ngluhurké dhèwèké dhéwé nganggo cara dadi imam agung. Nanging, dhèwèké diluhurké karo Gusti Allah sing ngendika marang dhèwèké, ”Kowé kuwi putra-Ku. Saiki Aku dadi Bapakmu.” 6 Panjenengané uga ngendika ing ayat liya, ”Kowé kuwi imam kaya Mèlkhisèdèk lan kowé bakal dadi imam kanggo saklawas-lawasé.”
7 Saksuwéné uripé ing bumi,* Kristus ndonga kanthi tenanan lan nyuwun nganggo swara seru lan tangisan marang Gusti Allah, sing isa nylametké dhèwèké saka pati, lan dongané dimirengké merga dhèwèké nduduhké rasa wedi marang Gusti Allah. 8 Senajan dhèwèké kuwi putra, dhèwèké sinau kanggo manut liwat kabèh kasangsaran sing dhèwèké alami. 9 Sakwisé dadi sampurna, dhèwèké nduwé tanggung jawab kanggo mènèhké keslametan langgeng marang kabèh wong sing manut marang dhèwèké, 10 merga dhèwèké wis dilantik karo Gusti Allah kanggo dadi imam agung kaya Mèlkhisèdèk.
11 Isih ana akèh sing péngin aku kabèh omongké bab dhèwèké, nanging angèl kanggo njelaské, merga kowé ora cepet paham wektu ngrungokké. 12 Sakjané, saiki* kowé kabèh kuduné wis dadi guru, nanging kowé kabèh isih mbutuhké manèh wong kanggo mulang kowé saka wiwitan bab-bab dhasar pangandika suci saka Gusti Allah, lan kowé kabèh mbutuhké susu manèh, dudu panganan sing akas. 13 Saben wong sing mung ngombé susu ora ngerti pangandika bab apa sing bener, merga dhèwèké kuwi bocah cilik. 14 Nanging, panganan sing akas kuwi kanggo wong diwasa,* sing terus nggunakké kesanggupané kanggo mikir,* sing wis dilatih kanggo mbédakké sing bener lan sing salah.