Markus
10 Yésus lunga saka kana lan tekan ing perbatasan Yudéa ing sebrangé Kali Yordan, lan wong-wong padha nglumpuk manèh ing sakiwa-tengené Yésus. Kaya biasané, Yésus mulang wong-wong kuwi. 2 Wong-wong Farisi banjur teka kanggo nguji Yésus, lan wong-wong kuwi takon apa wong lanang éntuk megat bojoné. 3 Yésus njawab wong-wong kuwi, ”Apa sing dipréntahké Musa marang kowé?” 4 Wong-wong kuwi njawab, ”Musa ngéntukké wong lanang nggawé surat pegatan resmi kanggo megat bojoné.” 5 Nanging Yésus kandha, ”Musa nulis préntah kuwi merga kowé ndableg. 6 Nanging saka wiwitan, ʼGusti Allah nggawé manungsa lanang lan wadon. 7 Mula, wong lanang bakal ninggalké bapaké lan ibuné, 8 lan loro-loroné kuwi bakal dadi sijiʼ,* mula wong lanang lan wadon kuwi dudu loro manèh, nanging siji. 9 Kuwi sebabé, apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.” 10 Wektu bali ing omah, murid-murid mulai takon marang Yésus bab kuwi. 11 Yésus kandha marang murid-muridé, ”Nèk wong lanang megat bojoné lan nikah karo wong liya, dhèwèké laku jina lan ora setya marang bojoné. 12 Lan nèk wong wadon megat bojoné lan nikah karo wong liya, dhèwèké uga laku jina.”
13 Wong-wong padha nggawa bocah-bocah cilik marang Yésus supaya Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré* bocah-bocah kuwi, nanging murid-muridé nyenèni wong-wong kuwi. 14 Wektu ndelok kuwi, Yésus nesu lan kandha marang murid-muridé, ”Ejarna waé bocah-bocah kuwi nyedhak marang aku, aja kok alang-alangi, merga Kratoné Allah bakal dadi duwèké wong-wong sing kaya ngono. 15 Saktenané aku kandha, sapa waé sing ora nampa Kratoné Allah kaya bocah cilik, ora bakal isa mlebu ing kono.” 16 Banjur, Yésus ngrangkul lan mulai mberkahi bocah-bocah kuwi, lan numpangké tangané ing ndhuwuré bocah-bocah kuwi.
17 Wektu Yésus neruské perjalanané, ana wong lanang mlayu nyedhak lan sujud ing ngarepé Yésus. Wong lanang kuwi takon, ”Guru Sing Apik, apa sing kudu tak tindakké supaya isa éntuk warisan urip saklawasé?” 18 Yésus kandha, ”Ngapa kowé nyebut aku apik? Ora ana sing apik kejaba Gusti Allah. 19 Kowé ngerti préntah iki: ʼAja matèni, aja laku jina, aja nyolong, aja mènèhi kesaksian palsu, aja ngapusi, ajènana bapakmu lan ibumu.ʼ” 20 Wong lanang kuwi kandha, ”Guru, wiwit cilik aku wis manut marang kabèh préntah kuwi.” 21 Yésus nyawang wong kuwi kanthi rasa tresna, lan kandha, ”Ana siji sing durung kok tindakké: Kabèh bandhamu edolen, terus hasilé wènèhna marang wong miskin, lan kowé bakal éntuk bandha ing swarga. Banjur dadia muridku.” 22 Nanging wong kuwi dadi sedhih krungu jawaban kuwi. Dhèwèké banjur lunga kanthi sedhih banget, merga bandhané akèh.
23 Yésus ndelok ngiwa-nengen lan kandha marang murid-muridé, ”Pancèn angèl banget kanggoné wong-wong sing nduwé dhuwit akèh mlebu ing Kratoné Allah.” 24 Nanging murid-muridé kagèt wektu krungu kuwi. Yésus banjur kandha, ”Anak-anakku, mlebu ing Kratoné Allah kuwi pancèn angèl banget. 25 Luwih gampang unta mlebu ing bolongané jarum ketimbang wong sugih mlebu ing Kratoné Allah.” 26 Murid-muridé dadi saya kagèt lan kandha marang Yésus,* ”Terus, apa ana wong sing isa slamet?” 27 Yésus mandeng murid-muridé lan kandha, ”Kanggoné manungsa iki mustahil, nanging kanggoné Gusti Allah ora, merga ora ana sing mustahil kanggoné Gusti Allah.” 28 Pétrus kandha marang Yésus, ”Aku kabèh wis ninggalké apa waé lan mèlu panjenengan.” 29 Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing ninggalké omahé, utawa kakangé, utawa mbakyuné, utawa adhiné, utawa ibuné, utawa bapaké, utawa anaké, utawa ladhangé merga aku lan merga kabar apik, 30 bakal nampa tikel 100 luwih akèh ing jaman saiki, yaiku omah, kakang, mbakyu, adhi, ibu, anak, lan ladhang, senajan karo ngalami aniaya. Lan ing jaman* mbésuk bakal nampa urip saklawasé. 31 Nanging akèh wong sing kapisan bakal dadi sing pungkasan, lan sing pungkasan bakal dadi sing kapisan.”
32 Yésus lan murid-muridé mlaku menyang Yérusalèm, lan Yésus mlaku ing ngarepé murid-muridé. Murid-muridé nggumun, nanging wong-wong sing ngetutké mulai ngrasa wedi. Sepisan manèh, Yésus ngajak 12 rasulé misah saka wong-wong liyané, lan mulai ngandhani bab apa waé sing bakal dialami Yésus, 33 ”Awaké dhéwé lagi mlaku menyang Yérusalèm, lan Putrané manungsa bakal diserahké marang para imam kepala lan ahli Taurat. Wong-wong kuwi bakal ngukum mati dhèwèké lan nyerahké dhèwèké marang wong-wong saka bangsa liya, 34 sing bakal ngécé, ngidoni, mecuti, lan matèni dhèwèké. Nanging telung dina sakbanjuré dhèwèké bakal urip manèh.”
35 Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébédéus, marani Yésus lan kandha, ”Guru aku péngin panjenengan nindakké apa waé sing tak jaluk.” 36 Yésus takon, ”Kowé péngin aku nindakké apa?” 37 Wong loro kuwi njawab, ”Wektu panjenengan ana ing kamulyan, ijinké aku kabèh lungguh ing sisihé panjenengan, siji ing sisih tengen lan siji ing sisih kiwa.” 38 Yésus kandha marang wong loro kuwi, ”Kowé ora ngerti apa sing kok jaluk kuwi. Apa kowé isa ngombé saka cawan sing arep tak ombé, utawa dibaptis nganggo baptisan sing arep tak lakoni?” 39 Wong-wong kuwi njawab, ”Isa.” Yésus kandha, ”Pancèn kowé bakal ngombé saka cawan sing bakal tak ombé, lan kowé bakal dibaptis nganggo baptisan sing bakal tak lakoni. 40 Nanging, bab sapa sing lungguh ing sisih tengen lan sisih kiwaku, aku ora nduwé wewenang kanggo nemtokké kuwi. Panggonan-panggonan kuwi wis disiapké kanggo wong-wong sing wis ditemtokké Bapakku.”
41 Wektu krungu bab kuwi, sepuluh murid liyané dadi nesu marang Yakobus lan Yohanes. 42 Nanging Yésus nyeluk murid-muridé lan kandha, ”Kowé ngerti nèk wong-wong sing dianggep* dadi panguwasa bangsa-bangsa padha mréntah rakyaté, lan para pejabat uga nguwasani rakyaté. 43 Nanging kowé aja kaya ngono. Sapa waé sing péngin dadi sing utama kudu ngladèni liyané, 44 lan sapa waé sing péngin dadi nomer siji ing antaramu, kudu dadi budhak kanggo kabèh. 45 Putrané manungsa waé teka ora kanggo diladèni, nanging kanggo ngladèni lan masrahké uripé* dadi tebusan kanggo wong akèh.”
46 Yésus lan murid-muridé tekan Yérikho. Wektu metu saka Yérikho bareng karo kumpulan wong, ana wong ngemis sing wuta lungguh ing pinggir dalan, jenengé Bartiméus (anaké Timéus). 47 Wektu dhèwèké krungu nèk sing liwat kuwi Yésus wong Nazarèt, dhèwèké mulai mbengok lan kandha, ”Yésus, Putrané Daud, welasana aku!” 48 Wong-wong mulai nyenèni dhèwèké lan ngongkon supaya meneng. Nanging dhèwèké malah mbengok saya banter, ”Putrané Daud, welasana aku!” 49 Mula Yésus mandheg lan kandha, ”Undangen wong kuwi mréné.” Banjur wong-wong nyeluk wong wuta kuwi, lan kandha, ”Kuwatna atimu! Ngadega, dhèwèké ngundang kowé.” 50 Wong wuta kuwi mlumpat lan nguncalké klambi njabané, banjur marani Yésus. 51 Yésus takon marang wong kuwi, ”Kowé péngin aku nindakké apa kanggo kowé?” Wong wuta kuwi njawab, ”Rabuni,* tulungana aku supaya isa ndelok manèh.” 52 Yésus banjur kandha marang wong kuwi, ”Lungaa. Imanmu wis nggawé kowé mari.” Dhèwèké langsung isa ndelok, lan mulai ngetutké Yésus ing dalan.