Kisah
24 Limang dina sakbanjuré, Imam Agung Ananias teka bareng karo sapérangan pemimpin Yahudi lan siji pengacara sing jenengé Tèrtulus, banjur wong-wong kuwi ngomongké tudhuhané marang Paulus ing ngarepé gubernur. 2 Lan wektu Tèrtulus dikongkon ngomong, dhèwèké mulai nudhuh Paulus ing ngarepé Gubernur Fèliks, kandhané,
”Matur nuwun kanggo panjenengan merga aku kabèh ngrasakké katentreman, lan merga panjenengan mréntah kanthi wicaksana, ana kemajuan ing bangsa iki. 3 Gubernur Fèliks sing tak hormati, kapan waé lan ing ngendi waé aku kabèh mesthi ngakoni bab iki kanthi rasa matur nuwun sing gedhé. 4 Nanging saiki, supaya aku ora mbuwang-mbuwang wektuné panjenengan, aku nyuwun supaya panjenengan gelem ngrungokké aku kabèh sedhéla waé. 5 Aku kabèh weruh nèk wong iki tukang nggawé masalah.* Dhèwèké ngojok-ojoki wong-wong Yahudi ing sak donya, lan dhèwèké kuwi pentholané sèkte wong Nazarèt. 6 Dhèwèké uga ngupaya najiské bait, mula aku kabèh nangkep dhèwèké. 7 *—— 8 Wektu panjenengan dhéwé mriksa dhèwèké, panjenengan bakal ngerti nèk kabèh tudhuhanku iki bener.”
9 Wektu krungu kuwi, wong-wong Yahudi mèlu-mèlu nudhuh Paulus lan ngomong nèk tudhuhan-tudhuhan kuwi bener. 10 Wektu gubernur mènèhi tandha* marang Paulus kanggo ngomong, Paulus kandha,
”Aku ngerti nèk panjenengan wis dadi hakimé bangsa iki suwéné pirang-pirang taun. Lan merga kuwi, aku seneng ngomongké pembélaanku ing ngarepé panjenengan. 11 Ora nganti 12 dina kepungkur, aku lunga ngibadah ing Yérusalèm, nèk panjenengan péngin ngerti apa kuwi pancèn bener, panjenengan isa takon dhéwé. 12 Wong-wong iki ora tau weruh aku bebantahan karo sapa waé ing bait utawa ngojok-ojoki kumpulan wong kanggo nggawé gègèr, ing sinagogé-sinagogé* ya ora, ing panggonan liyané ing kutha ya ora. 13 Wong-wong kuwi ya ora isa mbuktèkké marang panjenengan nèk tudhuhan-tudhuhané marang aku kuwi bener. 14 Nanging tak akoni marang panjenengan, nèk miturut cara ngibadah sing disebut wong-wong kuwi ’sèkte’, aku nindakké tugas suci marang Gusti Allahé para leluhurku, merga aku percaya marang kabèh bab sing ana ing Taurat lan Tulisan Para Nabi. 15 Lan aku uga nduwé pangarep-arep marang Gusti Allah, kaya pangarep-arepé wong-wong iki, yaiku nèk Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong sing bener lan sing ora bener. 16 Kuwi sebabé aku terus ngupaya supaya hati nuraniku tetep resik* ing ngarsané Gusti Allah lan manungsa. 17 Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, aku bali manèh menyang Yérusalèm kanggo mènèhi dhuwit sumbangan marang bangsaku lan mènèhi kurban marang Gusti Allah. 18 Wektu aku lagi ngurus perkara-perkara kuwi, wong-wong weruh aku lagi nindakké upacara nyucèkké badan ing bait, nanging tanpa wong akèh lan tanpa nggawé ribut. Ing kana, ana sapérangan wong Yahudi saka Provinsi Asia 19 sing saiki kuduné ana ing ngarepé panjenengan kanggo nudhuh aku, nèk wong-wong kuwi pancèn nduwé masalah karo aku. 20 Utawa, ejarna wong-wong ing kéné iki ngomongké dhéwé kesalahan apa sing ditemokké wong-wong iki saka aku, wektu aku ngadeg ing ngarepé Sanhèdrin.* 21 Wong-wong iki mung isa nudhuh aku merga siji bab iki, yaiku wektu aku ngadeg ing ngarepé Sanhèdrin, aku kandha, ’Aku saiki lagi diadili merga pangarep-arep bab wong mati sing isa diuripké manèh!’”
22 Nanging Fèliks, sing ngerti akèh bab Dalané Gusti,* ngundur sidang kuwi lan kandha, ”Sakwisé Komandan Lisias teka, aku bakal nggawé keputusan bab kasusmu.” 23 Banjur, Fèliks mènèhi préntah marang perwira prajurit supaya Paulus tetep ditahan nanging rada diwènèhi kebébasan, lan supaya kanca-kancané Paulus diijinké kanggo ngurusi kebutuhané.
24 Pirang-pirang dina sakbanjuré, Fèliks teka karo bojoné, sing jenengé Drusila, yaiku wong Yahudi. Banjur Fèliks ngongkon wong kanggo nyeluk Paulus, lan dhèwèké ngrungokké Paulus njelaské apa artinè percaya marang Kristus Yésus. 25 Nanging wektu Paulus ngomongké bab tumindak sing bener, ngendhalèni dhiri, lan pengadilan sukmbèn, Fèliks dadi wedi lan kandha, ”Saiki kowé lungaa dhisik. Nèk ana kesempatan, kowé bakal tak celuk manèh.” 26 Ing wektu sing padha, Fèliks ngarep-arep supaya Paulus mènèhi dhèwèké dhuwit. Mula, Fèliks saya kerep nyeluk Paulus lan omong-omongan karo dhèwèké. 27 Sakwisé rong taun, Fèliks banjur diganti Porkius Fèstus. Merga Fèliks péngin wong-wong Yahudi terus nyenengi dhèwèké, Fèliks ngejarké Paulus ditahan.