Yohanes
17 Sakwisé ngomongké kuwi kabèh, Yésus ndhangak ndelok langit lan kandha, ”Bapak, wektuné wis teka. Mulyakna putra Panjenengan supaya putra Panjenengan mulyakké Panjenengan. 2 Panjenengan wis maringi dhèwèké wewenang tumrap kabèh wong, supaya dhèwèké isa mènèhi urip saklawasé marang kabèh wong sing wis Panjenengan pasrahké marang dhèwèké. 3 Kanggo éntuk urip langgeng, wong-wong kudu kenal karo* Panjenengan, siji-sijiné Gusti Allah sing sejati, lan kenal karo Yésus Kristus sing Panjenengan utus. 4 Aku wis ngluhurké Panjenengan ing bumi lan ngrampungké gawéan sing Panjenengan paringké marang aku. 5 Mula saiki, Bapak, mulyakna aku ing sisihé Panjenengan nganggo kamulyan sing tak duwèni ing sisihé Panjenengan sakdurungé donya* ana.
6 ”Aku wis nggawé asmané Panjenengan nyata marang* wong-wong sing Panjenengan pasrahké marang aku saka donya. Wong-wong kuwi duwèké Panjenengan, lan Panjenengan masrahké wong-wong kuwi marang aku, lan wong-wong kuwi wis nindakké* pangandikané Panjenengan. 7 Saiki wong-wong kuwi ngerti nèk kabèh sing Panjenengan pasrahké marang aku asalé saka Panjenengan. 8 Merga aku wis mènèhi wong-wong kuwi pangandika sing wis Panjenengan paringké marang aku, lan wong-wong kuwi wis nampa pangandika kuwi. Wong-wong kuwi ngerti tenan nèk aku teka dadi wakilé Panjenengan lan wis padha percaya nèk Panjenengan sing ngutus aku. 9 Aku ndonga kanggo wong-wong kuwi. Aku ora ndonga kanggo donya, nanging kanggo wong-wong sing Panjenengan pasrahké marang aku, merga wong-wong kuwi duwèké Panjenengan. 10 Kabèh sing tak duwèni kuwi duwèké Panjenengan, lan duwèké Panjenengan kuwi uga duwèkku, lan aku wis dimulyakké ing antarané wong-wong kuwi.
11 ”Aku bakal ora ana manèh ing donya, nanging wong-wong kuwi ana ing donya, lan aku bakal lunga marang Panjenengan. Bapak sing suci, jaganen wong-wong kuwi demi asmané Panjenengan sing wis Panjenengan paringké marang aku, supaya wong-wong kuwi dadi siji,* kaya aku lan Panjenengan dadi siji.* 12 Wektu aku karo wong-wong kuwi, aku terus njaga wong-wong kuwi demi asmané Panjenengan sing wis Panjenengan paringké marang aku. Aku wis nglindhungi wong-wong kuwi lan ora ana siji-sijia ing antarané wong-wong kuwi sing sirna, kejaba wong siji sing pancèn bakal disirnakké,* supaya kelakon apa sing ditulis ing Kitab Suci. 13 Nanging saiki aku arep lunga marang Panjenengan, lan aku ngomongké bab-bab iki ing donya supaya wong-wong kuwi bener-bener ngrasakké kabungahanku. 14 Aku wis ngomongké pangandikané Panjenengan marang wong-wong kuwi, nanging donya sengit marang wong-wong kuwi, merga wong-wong kuwi dudu bagéan saka donya, kaya aku dudu bagéan saka donya.
15 ”Aku ora nyuwun supaya Panjenengan njupuk wong-wong kuwi saka donya, nanging supaya Panjenengan nglindhungi wong-wong kuwi saka si jahat.* 16 Wong-wong kuwi dudu bagéan saka donya, kaya aku dudu bagéan saka donya. 17 Gunakna pangandika Panjenengan kanggo nggawé suci wong-wong kuwi, merga pangandika Panjenengan kuwi sing bener. 18 Kaya Panjenengan ngutus aku menyang donya, aku uga ngutus wong-wong kuwi menyang donya. 19 Aku njaga awakku tetep suci kanggo kepentingané wong-wong kuwi, supaya wong-wong kuwi uga digawé suci nganggo apa sing bener.
20 ”Aku nyuwun, ora mung kanggo wong-wong kuwi, nanging uga kanggo wong-wong sing nduwé iman marang aku sakwisé ngrungokké piwulangé wong-wong kuwi, 21 supaya kabèh wong kuwi dadi siji, kaya Panjenengan, Bapak, nyawiji karo aku lan aku nyawiji karo Panjenengan, supaya wong-wong kuwi uga nyawiji karo aku lan Panjenengan, lan donya isa percaya nèk Panjenengan sing ngutus aku. 22 Aku wis mènèhi wong-wong kuwi kamulyan sing Panjenengan paringké marang aku, supaya wong-wong kuwi dadi siji, kaya aku lan Panjenengan siji. 23 Aku nyawiji karo wong-wong kuwi lan Panjenengan nyawiji karo aku, supaya wong-wong kuwi bener-bener nyawiji.* Nganggo cara kuwi, donya bakal ngerti nèk Panjenengan sing ngutus aku, lan uga bakal ngerti nèk Panjenengan nresnani wong-wong kuwi kaya Panjenengan nresnani aku. 24 Bapak, aku péngin supaya wong-wong sing wis Panjenengan pasrahké marang aku isa ana karo aku ing panggonanku, supaya wong-wong kuwi weruh kamulyanku sing wis Panjenengan paringké marang aku, merga Panjenengan nresnani aku sakdurungé wiwitané donya.* 25 Bapak sing adil, donya pancèn ora kenal karo Panjenengan, nanging aku kenal karo Panjenengan, lan wong-wong sing Panjenengan pasrahké marang aku ngerti nèk Panjenengan sing ngutus aku. 26 Aku wis nggawé asmané Panjenengan dikenal karo wong-wong kuwi, lan aku bakal terus nggawé kuwi dikenal, supaya wong-wong kuwi nduduhké katresnan kaya sing Panjenengan duduhké marang aku, lan supaya aku nyawiji karo wong-wong kuwi.”