Kolose
1 Aku, Paulus, sing dadi rasulé Kristus Yésus miturut kersané Gusti Allah, lan Timotius sedulur kita, 2 nulis surat iki kanggo para wong suci sing ana ing Kolose, yaiku sedulur-sedulur sing setya, sing nyawiji karo Kristus.
Muga-muga kowé kabèh padha nampa welas asih sing nggumunké* lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita.
3 Aku tansah ngucap sokur marang Gusti Allah, Bapaké Gusti kita Yésus Kristus, wektu aku ndongakké kowé kabèh, 4 merga aku kabèh krungu bab imanmu marang Kristus Yésus lan katresnan sing kok duduhké marang kabèh wong suci 5 merga pangarep-arep sing wis disiapké kanggo kowé ing swarga. Wektu kowé padha krungu wulangan sing bener, yaiku kabar apik, kowé dadi padha ngerti bab pangarep-arep iki. 6 Kabar apik kuwi wis ngasilké woh lan sumebar ing saklumahing bumi. Kuwi padha kaya sing kelakon ing antaramu wiwit dina kowé krungu lan ngerti tenan sing sakbeneré bab welas asihé Gusti Allah sing nggumunké.* 7 Kowé kabèh sinau bab kuwi saka Épafras, sedulur kita sing setya lan sing padha tak tresnani, sing ngabdi dadi budhaké Kristus demi aku kabèh. 8 Dhèwèké uga ngandhani aku kabèh bab katresnanmu, sing dihasilké liwat roh suci.
9 Kuwi sebabé, wiwit dina aku krungu bab kuwi, aku kabèh ora mandheg ndongakké kowé kabèh supaya kowé padha nduwé pangertèn sing bener bab kersané Gusti Allah, sarta sakabèhé kawicaksanan lan pemahaman rohani, 10 supaya tumindakmu pantes ing ngarsané Yéhuwah, lan kowé kabèh isa bener-bener nyenengké Panjenengané, lan uga terus nindakké apa sing apik supaya pangertènmu sing bener bab Gusti Allah saya akèh. 11 Aku uga ndonga muga-muga kuwasané Gusti Allah sing mulya nguwatké kowé kabèh, supaya kowé isa tekun ngadhepi sakabèhé kanthi sabar lan bungah. 12 Lan matur nuwun marang Gusti Allah, Bapak kita, merga Panjenengané wis nyiapké kowé kabèh kanggo nampa warisan sing wis dijanjèkké marang para wong suci sing ana ing pepadhang.
13 Panjenengané wis ngetokké kita saka pepeteng* lan mindhah kita menyang kratoné Putrané sing ditresnani. 14 Liwat Putrané kuwi kita dibébaské nganggo tebusan, lan kuwi tegesé dosa-dosa kita diapura. 15 Dhèwèké kuwi gambaré Gusti Allah sing ora katon, lan dhèwèké kuwi ciptaan sing kapisan.* 16 Merga, kabèh perkara sing ana ing swarga lan ing bumi digawé liwat dhèwèké, kuwi klebu perkara-perkara sing kétok lan sing ora kétok, raja, pemimpin, pamréntah, lan panguwasa. Kabèh perkara liyané digawé liwat dhèwèké lan kanggo dhèwèké. 17 Dhèwèké wis ana sakdurungé kabèh perkara liyané ana, lan liwat dhèwèké kabèh perkara liyané dadi ana, 18 lan dhèwèké kuwi kepalané badan, badan kuwi maksudé jemaat. Dhèwèké kuwi wiwitané samubarang kabèh lan sing sepisanan diuripké manèh* saka antarané wong mati, supaya dhèwèké dadi sing kapisan ing samubarang kabèh, 19 merga Gusti Allah péngin supaya dhèwèké lengkap ing samubarang kabèh. 20 Sakliyané kuwi, Gusti Allah péngin supaya sakabèhé, klebu sing ana ing bumi lan sing ana ing swarga, dirukunké karo Panjenengané liwat getihé putrané, sing wis diecurké ing cagak paukuman.*
21 Mbiyèn, kowé adoh saka Gusti Allah lan dadi mungsuhé, merga kowé mikirké perkara-perkara sing jahat. 22 Nanging, saiki kowé wis dirukunké liwat sédané Putrané sing wis ngurbanké badan jasmaniné, supaya ing ngarsané Gusti Allah kowé dadi suci, tanpa cacad, lan bébas saka tudhuhan. 23 Senajan ngono, kowé kabèh kudu tetep nduwé iman, ngadeg ing ndhuwur pondhasi kuwi lan kukuh, ora disimpangké saka pangarep-arep sing ana ing kabar apik, sing wis kok rungokké, lan sing wis diwartakké marang kabèh ciptaan sing ana ing ngisor langit. Aku, Paulus, dadi abdi kanggo martakké kabar apik kuwi.
24 Saiki, aku bungah senajan aku ngalami kasangsaran demi kowé kabèh. Aku ngalami kasangsaran kaya Kristus, nanging aku kudu terus ngrampungké kasangsaran kuwi demi badané Kristus, yaiku jemaat. 25 Aku dadi abdi kanggo jemaat iki, miturut tugas sing wis Gusti Allah paringké marang aku demi kowé kabèh, kanggo saktulusé ati martakké pangandikané Gusti Allah, 26 yaiku rahasia suci sing didhelikké saka donya* jaman mbiyèn lan saka generasi-generasi sakdurungé. Nanging saiki, rahasia kuwi wis disingkapké marang para wong suciné. 27 Marang wong-wong kuwi, Gusti Allah seneng nduduhké ing antarané bangsa-bangsa sepira mulya lan ajiné rahasia suci kuwi, yaiku Kristus nyawiji karo kowé kabèh, sing tegesé kowé kabèh nduwé pangarep-arep kanggo dimulyakké bareng dhèwèké. 28 Kita martakké bab dhèwèké, kita uga ngélikké saben wong lan mulang saben wong nganggo kawicaksanan sing gedhé, supaya kita isa nggawé saben wong sing nyawiji karo Kristus dadi diwasa rohaniné ing ngarsané Gusti Allah. 29 Kanggo tujuan kuwi aku nyambut gawé kanthi mempeng. Aku ngupaya tenanan nganggo kekuwatan sing diparingké Gusti Allah marang aku.