Lukas
20 Ing sawijiné dina, wektu Yésus lagi mulang ing bait lan martakké kabar apik, para imam kepala, para ahli Taurat, lan para pemimpin teka marani Yésus, 2 banjur takon, ”Kandhanana aku, nganggo wewenangé sapa kowé nindakké perkara-perkara iki? Utawa sapa sing mènèhi kowé wewenang iki?” 3 Yésus njawab, ”Aku uga arep takon karo kowé. Kandhanana aku, 4 baptisan Yohanes kuwi asalé saka Gusti Allah* apa manungsa?” 5 Wong-wong kuwi banjur padha rembugan dhéwé, ”Nèk awaké dhéwé njawab, ʼSaka Gusti Allah,ʼ dhèwèké bakal kandha, ʼNgapa kowé ora percaya marang Yohanes?ʼ 6 Nanging nèk awaké dhéwé njawab, ʼSaka manungsa,ʼ wong-wong bakal mbandhemi awaké dhéwé nganggo watu, merga wong-wong iki percaya banget nèk Yohanes kuwi nabi.” 7 Mula wong-wong mau njawab nèk ora ngerti saka ngendi asalé baptisan Yohanes. 8 Yésus terus kandha marang wong-wong kuwi, ”Aku uga ora bakal ngandhani kowé nganggo wewenangé sapa aku nindakké kabèh iki.”
9 Banjur Yésus mulai nyritakké umpama iki marang wong-wong, ”Ana wong lanang sing nggawé kebon anggur lan nyéwakké kuwi marang para petani, terus lunga menyang luar negri kanggo wektu sing suwé. 10 Wektu wis wayahé panèn anggur, dhèwèké ngutus salah siji budhaké marang para petani kuwi supaya para petani kuwi mènèhké sebagéan woh anggur saka kebon anggur kuwi. Nanging, para petani mau nggebugi budhak kuwi, banjur budhak kuwi dikongkon lunga tanpa nggawa apa-apa. 11 Dhèwèké banjur ngutus budhak liyané manèh. Para petani mau uga nggebugi lan ngisin-isinké budhak kuwi, lan budhak kuwi dikongkon lunga tanpa nggawa apa-apa. 12 Dhèwèké ngutus manèh budhak sing katelu. Nanging para petani mau uga njotosi lan ngusir budhak kuwi. 13 Mula sing nduwé kebon anggur kuwi mikir, ʼApa manèh sing kudu tak tindakké? Aku bakal ngutus anakku sing tak tresnani. Mesthi wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.ʼ 14 Wektu para petani weruh anaké sing nduwé kebon anggur, wong-wong kuwi padha kandha marang siji lan sijiné, ʼWong kuwi ahli warisé. Ayo dipatèni, supaya warisané dadi duwèké awaké dhéwé.ʼ 15 Mula wong-wong kuwi nyèrèd ahli waris mau menyang njabané kebon anggur lan matèni dhèwèké. Banjur, apa sing bakal ditindakké sing nduwé kebon anggur kuwi marang para petani mau? 16 Dhèwèké bakal teka lan matèni para petani mau, banjur nyéwakké kebon angguré marang wong-wong liya.”
Wektu krungu kuwi, wong-wong padha kandha, ”Aja nganti kuwi kelakon!” 17 Nanging, Yésus nyawang wong-wong kuwi lan kandha, ”Nèk ngono apa tegesé ayat iki, ʼWatu sing ditolak tukang-tukang bangunan wis dadi watu sing utamaʼ? 18 Saben wong sing tiba ing ndhuwuré watu kuwi bakal ajur. Lan wong sing ketiban watu kuwi bakal remuk.”
19 Ing wektu kuwi uga, para ahli Taurat lan para imam kepala ngupaya nangkep Yésus, merga ngerti nèk wong-wong kuwi dhéwé sing lagi diomongké Yésus ing umpama mau. Nanging wong-wong kuwi wedi karo wong akèh. 20 Wong-wong kuwi ngematké Yésus tenanan. Banjur wong-wong kuwi ngutus sapérangan wong sing wis meneng-meneng dibayar kanggo éthok-éthok dadi wong bener, supaya isa nggawé Yésus kejebak omongané dhéwé. Nganggo cara kuwi, wong-wong mau isa nyerahké Yésus marang pamréntah, yaiku marang gubernur. 21 Wong-wong sing wis dibayar kuwi kandha marang Yésus, ”Guru, aku ngerti nèk sing panjenengan omongké lan wulangké kuwi mesthi bener. Panjenengan uga ora mbédak-mbédakké wong, nanging mulangké sing bener bab kersané Gusti Allah kanggo manungsa. 22 Mula, kita éntuk mbayar pajeg kepala marang Kaisar apa ora?” 23 Nanging Yésus ngerti siasaté wong-wong kuwi, mula Yésus kandha, 24 ”Coba duduhna marang aku dhuwit dinar* siji. Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” 25 Banjur Yésus kandha, ”Mula wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar, nanging marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.” 26 Wong-wong kuwi ora isa nggawé Yésus kejebak omongané dhéwé ing ngarepé wong akèh. Wong-wong kuwi malah padha meneng waé merga nggumun banget krungu jawabané Yésus.
27 Nanging sapérangan wong Saduki, sing ora percaya nèk wong mati isa urip manèh, marani Yésus lan takon, 28 ”Guru, Musa nulis, ʼNèk wong lanang sing wis nikah banjur mati tanpa nduwé anak, kakangé utawa adhiné lanang kudu nikah karo randhané wong sing wis mati mau, supaya wong sing mati mau nduwé keturunan.ʼ 29 Ana wong lanang pitu kakang adhi. Sing kapisan nikah, nanging dhèwèké mati tanpa nduwé anak. 30 Banjur sing kapindho 31 lan sing katelu, malah nganti pitu-pituné nikah karo wong wadon mau. Kabèh wong pitu mau padha mati tanpa nduwé anak. 32 Lan akiré wong wadon kuwi uga mati. 33 Merga kuwi, wektu wong-wong mati diuripké manèh, wong wadon kuwi bakal dadi bojoné sapa? Merga wong lanang pitu mau wis dadi bojoné.”
34 Yésus njawab, ”Wong-wong* ing jaman* iki nikah lan dinikahké, 35 nanging wong-wong sing dianggep pantes kanggo diuripké manèh saka antarané wong mati lan éntuk urip ing jaman* sing bakal teka, wong-wong kuwi ora bakal nikah utawa dinikahké. 36 Sakjané, wong-wong kuwi uga ora isa mati manèh, lan wong-wong kuwi bakal kaya malaékat. Merga diuripké manèh, wong-wong kuwi dadi anak-anaké Gusti Allah. 37 Nanging bab wong mati sing diuripké manèh, Musa dhéwé ngandhani bab kuwi ing crita bab suket eri, wektu nyebut Yéhuwah kuwi ʼGusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakubʼ. 38 Panjenengané kuwi Gusti Allahé wong urip, dudu Gusti Allahé wong mati. Ing ngarsané, kabèh wong kuwi isih urip.” 39 Sapérangan ahli Taurat kandha, ”Guru, jawabané panjenengan bener banget.” 40 Merga wong-wong kuwi wis ora wani takon apa-apa manèh marang Yésus.
41 Yésus banjur takon marang wong-wong kuwi, ”Apa sebabé wong ngomong nèk Kristus kuwi putrané Daud? 42 Daud dhéwé kandha ing kitab Mazmur, ʼYéhuwah ngendika marang Gustiku, ”Lungguha ing sisih tengen-Ku 43 nganti Aku nggawé mungsuh-mungsuhmu ana ing sakngisoré sikilmu.”ʼ 44 Dadi nèk Daud waé nyebut Kristus kuwi Gusti, kok isa Kristus kuwi disebut putrané Daud?”
45 Banjur, wektu kabèh wong isih padha ngrungokké, Yésus kandha marang murid-muridé, 46 ”Padha ngati-atia karo para ahli Taurat sing seneng mloka-mlaku nganggo jubah dawa, seneng nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum,* uga seneng lungguh ing kursi ngarep dhéwé ing sinagogé* lan panggonan kanggo tamu penting ing pésta, 47 ngrampas omahé* randha-randha, lan dongané dawa-dawa mung kanggo pamèr. Wong-wong kuwi bakal éntuk hukuman sing luwih abot.”