Titus
3 Terus élingna wong-wong kuwi supaya manut marang pamréntah lan panguwasa, siap nindakké apa sing apik, 2 ora ngèlèk-èlèk sapa waé, ora seneng padu, nanging masuk akal, lan tansah alus marang kabèh wong. 3 Merga mbiyèn kita uga ora nduwé pemahaman, ora manut, disasarké, dadi budhaké akèh pepénginan lan kesenengan, terus nindakké apa sing ala lan terus iri, dadi wong sing njijiki, lan sengit marang siji lan sijiné.
4 Nanging Juru Slamet kita, yaiku Gusti Allah, nduduhké sipat apik ati lan katresnané marang manungsa, 5 dudu merga tumindak apik sing kita tindakké, nanging merga welas asihé. Panjenengané nylametké kita nganggo cara ngresiki* kita lan kuwi nggawé kita urip, lan Panjenengané nggawé kita dadi anyar liwat roh suci. 6 Panjenengané maringi roh suciné marang kita kanthi lubèr* liwat Yésus Kristus, Juru Slamet kita, 7 supaya sakwisé kita dianggep bener merga welas asih sing nggumunké* saka Gusti Allah, kita isa nampa warisan urip langgeng, cocog karo pangarep-arep kita.
8 Omongan kuwi isa dipercaya, aku péngin kowé ngomongké bab-bab kuwi kanthi tegas, supaya kabèh wong sing percaya marang Gusti Allah isa tetep fokus kanggo terus nindakké apa sing apik. Bab-bab kuwi kabèh apik lan ana gunané kanggo manungsa.
9 Nanging aja mèlu-mèlu ing bebantahan sing tanpa guna, bebantahan bab silsilah lan udur-uduran bab hukum Taurat, merga kuwi ora ana gunané lan ora ana untungé. 10 Nèk ana wong sing nyebarké sèkte liya, edohana dhèwèké, sakwisé kowé ngélikké wong kuwi ping pindho, 11 merga wong sing kaya ngono kuwi wis nyimpang saka iman, nindakké dosa, lan nduduhké nèk dhèwèké tumindak salah.
12 Wektu aku ngutus Artémas utawa Tikhikus marang kowé, ngupayaa sak isa-isané kanggo nemoni aku ing Nikopolis, merga aku wis mutuské kanggo manggon ing kana saksuwéné musim dingin. 13 Siapna kebutuhané Zénas sing ngerti akèh bab hukum Taurat, lan uga Apolos, supaya wong-wong kuwi ora kekurangan apa-apa ing perjalanané. 14 Sedulur-sedulur kita kuduné uga sinau kanggo terus nindakké apa sing apik, supaya isa mbantu pas ana sing bener-bener mbutuhké, nganggo cara kuwi, sedulur-sedulur kita mau isa terus nindakké apa sing apik.*
15 Kabèh sing bareng karo aku ngirim salam marang kowé. Wènèhna salamku marang sedulur-sedulur sing nresnani aku kabèh.
Muga-muga kowé kabèh padha nampa welas asih sing nggumunké.*