Roma
16 Aku péngin ngenalké Fébé marang kowé, dhèwèké kuwi sedulur wadon kita sing nglayani ing jemaat sing ana ing Kènkhréa. 2 Tampanen dhèwèké dadi wong sing padha-padha percaya marang Gusti, kaya nèk kowé nampa wong-wong suci. Lan wènèhana bantuan apa waé sing dhèwèké butuhké, merga dhèwèké kuwi ya wis mbantu akèh sedulur, klebu aku dhéwé.
3 Wènèhna salamku kanggo Priska* lan Akuila, sing nyambut gawé bebarengan karo aku kanggo Kristus Yésus, 4 sing wis ngetohké nyawané* kanggo aku. Ora mung aku, nanging kabèh jemaat saka bangsa-bangsa liya uga matur nuwun marang sedulur loro kuwi. 5 Salam uga kanggo jemaat sing ngibadah ing omahé. Salam kanggo Épénétus sing tak tresnani. Dhèwèké kuwi salah siji saka antarané wong-wong sing sepisanan dadi pengikuté Kristus* ing Asia. 6 Salam kanggo Maria sing wis nyambut gawé tenanan kanggo kowé kabèh. 7 Salam kanggo Andronikus lan Yunias, sanak sedulurku. Wong-wong kuwi tau dipenjara bareng aku. Wong-wong kuwi nduwé réputasi sing apik ing antarané para rasul, lan wis dadi pengikuté Kristus luwih suwé ketimbang aku.
8 Wènèhna salamku kanggo Ampliatus sing tak tresnani. Dhèwèké kuwi uga pengikuté Gusti. 9 Salam kanggo Urbanus, kanca nyambut gawé kita kanggo Kristus, lan salam kanggo Stakhis sing tak tresnani. 10 Salam kanggo Apèlès, sing setya marang Kristus. Salam kanggo kabèh sing ana ing omahé Aristobulus. 11 Salam kanggo Hérodion, sanak sedulurku. Salam kanggo kabèh pengikuté Gusti sing ana ing omahé Narkisus. 12 Salam kanggo Triféna lan Trifosa, sedulur-sedulur wadon sing nyambut gawé tenanan kanggo Gusti. Salam kanggo Persis, sedulur wadon sing kita tresnani, sing wis nyambut gawé tenanan kanggo Gusti. 13 Salam kanggo Rufus, abdi sing dipilih Gusti, lan kanggo ibuné sing wis kaya ibuku dhéwé. 14 Salam kanggo Asinkritus, Flégon, Hèrmes, Patrobas, Hèrmas, lan sedulur-sedulur sing ana bareng karo sedulur-sedulur kuwi. 15 Salam kanggo Filologus lan Yulia, kanggo Néréus lan sedulur wadoné, kanggo Olimpas, lan kanggo kabèh wong suci sing ana bareng karo sedulur-sedulur kuwi. 16 Tampanen siji lan sijiné kanthi ramah.* Kabèh jemaaté Kristus titip salam kanggo kowé kabèh.
17 Aku nyuwun marang kowé kabèh, sedulur-sedulurku, padha ngatia-atia karo wong-wong sing nggawé ora rukun lan nggawé wong kesandhung. Bab-bab kuwi babar blas ora cocog karo wulangan sing wis kok sinaoni. Edohana wong-wong kuwi. 18 Wong-wong kaya ngono kuwi dudu budhaké Gusti kita Kristus, nanging budhaké pepénginané* wong-wong kuwi dhéwé. Wong-wong kuwi njupuk atiné wong-wong sing lugu nganggo cara ngalem lan nggunakké tembung-tembung sing mung kanggo nyenengké waé. 19 Kabèh wong nggatèkké kasetyanmu, lan iki nggawé aku bungah. Nanging, aku péngin supaya kowé wicaksana ing perkara-perkara sing apik, lan bodho ing perkara-perkara sing ala. 20 Sedhéla manèh, Gusti Allah sing maringi katentreman bakal ngremuk Sétan ing ngisoré sikilmu. Muga-muga kowé terus nampa welas asih sing nggumunké saka Gusti kita Yésus.
21 Kanca nyambut gawéku, yaiku Timotius, ngirim salam marang kowé. Semono uga sanak sedulurku, yaiku Lusius, Yason, lan Sosipater.
22 (Aku, Tèrtius, wong sing padha-padha percaya marang Gusti, sing uga nulis surat iki, ngirim salam marang kowé.)
23 Gayus uga ngirim salam marang kowé. Aku nginep ing omahé sing uga dienggo ngumpul kabèh jemaat. Érastus bendaharané kutha ngirim salam, semono uga Kuartus seduluré. 24 *——
25 Gusti Allah bakal mbantu kowé dadi kuwat, miturut kabar apik bab Yésus Kristus sing tak wartakké. Kabar apik iki ana hubungané karo rahasia suci sing wis suwé didhelikké nanging saiki wis dibukak karo Gusti Allah. 26 Kuwi wis dibukak lan diwartakké marang kabèh bangsa liwat ayat-ayat* sing ditulis para nabi, miturut karo préntah saka Gusti Allah sing langgeng, sing péngin supaya kabèh nduwé iman lan manut. 27 Muga-muga Gusti Allah, Sing Mahawicaksana diluhurké liwat Yésus Kristus kanggo saklawas-lawasé. Amin.