Wahyu
6 Aku weruh Cempé kuwi mbukak salah siji saka pitung meterai kuwi, lan aku krungu salah siji saka kerub papat kuwi kandha nganggo swara kaya gludhug, ”Majua!” 2 Sakwisé kuwi, aku weruh ana jaran putih, lan sing nunggang jaran kuwi nggawa panah lan Gusti Allah maringi mahkota marang dhèwèké. Dhèwèké mangkat kanggo ngalahké mungsuh-mungsuhé lan ngrampungké perangé.
3 Wektu Cempé kuwi mbukak meterai sing kapindho, aku krungu kerub sing kapindho kandha, ”Majua!” 4 Banjur ana sawijiné jaran liya metu, warnané abang mbranang. Sing nunggang diijinké kanggo ngrampas katentreman saka bumi supaya manungsa padha matèni siji lan sijiné kanthi kejem. Dhèwèké wis diwènèhi pedhang sing gedhé.
5 Wektu Cempé kuwi mbukak meterai sing katelu, aku krungu kerub sing katelu kandha, ”Majua!” Banjur aku ndelok sawijiné jaran ireng, lan sing nunggang nyekel timbangan. 6 Aku krungu ana swara ing tengah-tengahé kerub papat kuwi sing kandha, ”Sak liter gandum regané sak dinar,* lan telung liter barli regané sak dinar. Gandum lan minyak zaitun aja dientèk-entèkké.”
7 Wektu Cempé kuwi mbukak meterai sing kapapat, aku krungu kerub sing kapapat kandha, ”Majua!” 8 Banjur aku ndelok sawijiné jaran pucet, sing nunggang jenengé Pati. Lan Kuburan* ngetutké dhèwèké saka cedhaké. Pati lan Kuburan kuwi diwènèhi wewenang tumrap seprapaté bumi kanggo matèni nganggo pedhang dawa, nganggo kurang pangan, nganggo penyakit sing isa nyebabké pati, lan nganggo kéwan buas ing bumi.
9 Wektu Cempé kuwi mbukak meterai kalima, aku ndelok ing dhasar mésbah kuwi ana getihé* wong-wong sing dipatèni merga manut pangandikané Gusti Allah lan merga wong-wong kuwi mènèhi kesaksian. 10 Getihé wong-wong kuwi mbengok nganggo swara seru, ”Gusti sing Mahaluhur, sing suci lan bener, nganti kapan Panjenengan bakal ngentèni? Kapan Panjenengan bakal ngadili wong-wong sing manggon ing bumi lan mbales getihé aku kabèh sing wis diwutahké karo wong-wong kuwi?” 11 Banjur wong-wong kuwi padha diwènèhi jubah putih, lan dikongkon kanggo istirahat sedhéla manèh, nganti lengkap jumlahé budhak-budhak sing kaya wong-wong kuwi lan sedulur-seduluré sing uga bakal dipatèni kaya wong-wong kuwi.
12 Banjur aku ndelok Cempé kuwi mbukak meterai sing kaenem, lan ana gempa bumi sing gedhé. Srengéngé dadi peteng kaya kain ireng,* lan bulan dadi abang kaya getih. 13 Bintang ing langit padha rontog ing bumi, kaya woh-woh ara sing padha rontog sakdurungé mateng saka wité merga diterjang angin gedhé. 14 Langit dadi ilang kaya lembaran kitab sing digulung. Saben gunung lan pulau disingkirké saka panggonané. 15 Banjur para raja ing bumi, para pejabat penting, komandan militèr, wong sugih, wong kuwat, uga saben budhak lan saben wong merdéka padha ndhelik ing njero guwa lan ing antarané watu-watu gedhé ing gunung. 16 Lan wong-wong kuwi terus-terusan kandha marang gunung-gunung lan marang watu-watu gedhé, ”Tutupana aku! Lan dhelikna aku saka Pribadi sing lungguh ing tahta kuwi lan saka murkané Cempé kuwi. 17 Merga dina murkané sing gedhé banget wis teka. Sapa sing isa slamet?”