Matius
25 ”Kraton swarga isa diumpamakké kaya sepuluh prawan sing nggawa lampu minyaké lan metu kanggo nyambut mantèn lanang. 2 Prawan sing lima bodho, lan sing lima wicaksana. 3 Prawan sing bodho nggawa lampuné, nanging ora nggawa minyak cadangan. 4 Prawan sing wicaksana nggawa lampuné lan uga nggawa minyak ing botol. 5 Merga mantèn lanang ora teka-teka, para prawan mau dadi ngantuk lan keturon. 6 Wektu tengah wengi, ana wong sing mbengok, ’Mantèn lanang wis teka! Metua kanggo nyambut dhèwèké!’ 7 Banjur kabèh prawan mau tangi lan nyiapké lampuné. 8 Prawan sing bodho kandha marang prawan sing wicaksana, ’Aku njaluk minyakmu sithik waé, merga lampuku wis arep mati.’ 9 Prawan sing wicaksana njawab, ’Kétoké ora cukup nèk dienggo aku lan kowé. Lungaa marang wong sing dodol minyak lan tukua kanggo awakmu dhéwé.’ 10 Wektu prawan-prawan sing bodho kuwi tuku minyak, mantèn lanang teka. Prawan-prawan sing wis siap terus mlebu bareng mantèn lanang ing pésta mantènan, banjur lawangé ditutup. 11 Sakwisé kuwi, prawan lima liyané padha teka lan kandha, ’Pak, Pak, aku bukakna lawang!’ 12 Mantèn lanang kuwi njawab, ’Tak kandhani sing saktenané, aku babar blas ora kenal kowé.’
13 ”Dadi, terusa jaga-jaga, merga kowé ora ngerti dina utawa jamé.
14 ”Kraton kuwi uga diumpamakké kaya wong lanang sing arep lunga menyang luar negri. Dhèwèké ngundang budhak-budhaké lan masrahké hartané marang budhak-budhak kuwi. 15 Sing siji diwènèhi limang talènta,* sing liyané rong talènta, lan sing liyané manèh sak talènta, miturut kesanggupané dhéwé-dhéwé. Banjur wong kuwi lunga menyang luar negri. 16 Budhak sing nampa limang talènta kuwi langsung lunga lan nggunakké talènta kuwi kanggo usaha, lan dhèwèké éntuk untung limang talènta manèh. 17 Semono uga, budhak sing nampa rong talènta uga éntuk untung rong talènta manèh. 18 Nanging budhak sing mung nampa sak talènta lunga lan ngubur dhuwité* majikané ing njero lemah.
19 ”Suwé sakwisé kuwi, majikané teka lan étung-étungan karo budhak-budhak mau. 20 Banjur budhak sing nampa limang talènta maju lan nggawa limang talènta manèh. Dhèwèké kandha, ’Ndara, panjenengan wis masrahi aku limang talènta. Saiki deloken, aku éntuk untung limang talènta manèh.’ 21 Majikané kandha marang budhak kuwi, ’Apik banget, kowé pancèn budhak sing apik lan setya. Kowé wis setya marang perkara sing sithik. Aku bakal nglantik kowé kanggo ngurus perkara sing luwih akèh. Mèlua bungah karo majikanmu.’ 22 Banjur budhak sing nampa rong talènta maju lan kandha, ’Ndara, panjenengan wis masrahi aku rong talènta. Saiki deloken, aku éntuk untung rong talènta manèh.’ 23 Majikané kandha marang budhak kuwi, ’Apik banget, kowé pancèn budhak sing apik lan setya. Kowé wis setya marang perkara sing sithik. Aku bakal nglantik kowé kanggo ngurus perkara sing luwih akèh. Mèlua bungah karo majikanmu.’
24 ”Akiré budhak sing nampa sak talènta maju lan kandha, ’Ndara, aku ngerti nèk panjenengan wong sing seneng nuntut. Ndara manèn padahal ora nyebar lan nglumpukké hasil panèn padahal ora napèni. 25 Mula aku wedi, banjur lunga kanggo ngubur talènta kuwi ing njero lemah. Iki, tak balèkké duwèké panjenengan.’ 26 Majikané njawab, ’Budhak sing jahat lan males, kowé wis ngerti ta, nèk aku manèn sing ora tak sebar lan nglumpukké hasil panèn sing ora tak tapèni? 27 Mula, kowé kuduné nabungké dhuwité* ing bank supaya wektu aku teka aku isa nampa dhuwit kuwi lan bungané.’
28 ”Banjur, majikan mau kandha marang abdiné, ’Saiki, jupuken talènta saka budhak kuwi lan wènèhna marang budhak sing nduwé sepuluh talènta. 29 Merga sapa sing nduwé, bakal dikèki luwih akèh manèh malah nganti lubèr. Nanging, sapa sing ora nduwé, senajan mung sithik sing diduwèni, kuwi bakal dijupuk saka dhèwèké. 30 Uncalna budhak sing ora ana gunané kuwi menyang njaba, ing pepeteng. Ing kono dhèwèké bakal nangis lan gela banget.’*
31 ”Wektu Putrané manungsa teka ing kamulyané bareng karo kabèh malaékat, dhèwèké bakal lungguh ing tahtané sing mulya. 32 Kabèh bangsa bakal diklumpukké ing ngarepé, lan dhèwèké bakal misahké wong-wong, kaya pangon misahké wedhus gèmbèl saka wedhus jawa. 33 Lan dhèwèké bakal manggonké wedhus gèmbèl ing sisih tengené, lan wedhus jawa ing sisih kiwané.
34 ”Banjur, Raja bakal kandha marang sing ana ing sisih tengené, ’Mrénéa, kowé sing wis diberkahi Bapakku, warisana Kraton sing wis disiapké kanggo kowé saka wiwitané donya.* 35 Merga wektu aku luwé, kowé ngekèki aku mangan. Aku ngelak, kowé ngekèki aku ngombé. Kowé ora kenal aku lan aku ora ngerti arep manggon ing ngendi, nanging kowé nampa aku ing omahmu. 36 Aku ora klambèn, kowé ngekèki aku klambi. Aku lara, kowé ngrumat aku. Aku ing penjara, kowé marani aku.’ 37 Banjur, wong-wong sing bener kuwi bakal njawab, ’Gusti, kapan aku weruh panjenengan luwé lan aku ngekèki pangan, utawa kapan panjenengan ngelak lan aku ngekèki ngombé? 38 Kapan aku weruh panjenengan ora ngerti arep manggon ing ngendi lan aku nampa panjenengan ing omahku, utawa kapan panjenengan ora klambèn lan aku ngekèki klambi? 39 Kapan aku weruh panjenengan lara utawa ing penjara lan aku marani panjenengan?’ 40 Raja njawab, ’Saktenané aku kandha, nèk kowé nindakké kanggo salah siji saka antarané sedulurku sing dianggep paling ora penting iki, kowé nindakké kuwi kanggo aku.’
41 ”Banjur, Raja bakal kandha marang sing ana ing sisih kiwané, ’Kowé kuwi wong-wong sing dikutuk, lungaa saka ngarepku! Mlebua ing geni sing langgeng,* sing disiapké kanggo Iblis lan para malaékaté. 42 Merga wektu aku luwé, kowé ora ngekèki aku mangan. Aku ngelak, nanging kowé ora ngekèki aku ngombé. 43 Kowé ora kenal aku lan aku ora ngerti arep manggon ing ngendi, nanging kowé ora nampa aku ing omahmu. Aku ora klambèn, nanging kowé ora ngekèki aku klambi. Aku lara lan ing penjara, nanging kowé ora ngrumat aku.’ 44 Banjur, bakal padha njawab, ’Gusti, kapan aku weruh panjenengan luwé, ngelak, ora ngerti arep manggon ing ngendi, ora klambèn, lara, ing penjara lan aku ora nulungi panjenengan?’ 45 Banjur Raja bakal njawab, ’Saktenané aku kandha, nèk kowé ora nindakké kanggo salah siji saka antarané sedulurku sing dianggep paling ora penting iki, kowé ora nindakké kuwi kanggo aku.’ 46 Wong-wong iki bakal disirnakké saklawasé,* nanging wong-wong sing bener bakal nampa urip langgeng.”