2 Korintus
13 Iki sing kaping teluné aku siap-siap marani kowé. ”Supaya liwat katrangané* loro utawa telu seksi, perkara kuwi isa dadi cetha.” 2 Senajan saiki aku ora ana ing kana, aku rumangsa kaya ana ing kana kanggo sing kaping pindhoné. Mula, aku péngin mènèhi pangéling-éling luwih dhisik marang wong-wong sing sakdurungé nindakké dosa lan marang kowé kabèh: Nèk aku teka manèh, aku ora bakal ngejarké wong-wong sing nindakké apa sing salah. 3 Nganggo cara kuwi, aku bakal mbuktèkké marang kowé kabèh nèk Kristus ngomong liwat aku, lan dhèwèké ora tanpa daya ing ngarepmu nanging tumindak nganggo kuwasa sing gedhé. 4 Dhèwèké pancèn dipatèni ing cagak ing kahanan sing tanpa daya, nanging saiki dhèwèké urip merga kuwasané Gusti Allah. Saiki aku kabèh uga tanpa daya kaya dhèwèké, nanging aku kabèh bakal urip bareng dhèwèké uga merga kuwasané Gusti Allah sing ana ing uripmu.
5 Terus priksanen apa uripmu cocog karo iman Kristen. Terus priksanen kaya apa kowé saktenané. Apa kowé ora sadhar nèk Yésus Kristus nyawiji karo kowé? Kowé kuduné sadhar, kejaba nèk kowé ora ditampa Gusti Allah. 6 Aku ngarep-arep tenanan supaya kowé padha sadhar nèk aku kabèh ditampa Gusti Allah.
7 Aku kabèh ndonga marang Gusti Allah supaya kowé ora padha nindakké salah apa-apa. Tujuanku dudu supaya aku kabèh kétoké ditampa wong-wong, nanging supaya kowé padha nindakké apa sing apik, senajan aku kabèh mbokmenawa ora ditampa wong-wong. 8 Aku kabèh ora isa nglawan apa sing bener. Nanging, aku kabèh mung isa tumindak demi apa sing bener. 9 Aku kabèh mesthi bungah wektu kowé padha kuwat, senajan wektu kuwi aku mungkin lagi tanpa daya. Aku kabèh uga ndonga supaya kowé padha isa nggawé owah-owahan sing dibutuhké. 10 Kuwi sebabé, aku nulis bab-bab iki wektu aku ora ana karo kowé, supaya aku ora perlu tumindak keras wektu bareng karo kowé, merga Gusti mènèhi aku wewenang kanggo nguwatké imanmu, dudu kanggo nggawé kowé cilik ati.
11 Sing pungkasan, sedulur-sedulur, terusa bungah, nggawé owah-owahan, nampa panglipuran, padha sak pikiran, lan urip rukun. Nganggo cara kuwi, Gusti Allah sing kebak katresnan lan katentreman terus ngayomi kowé. 12 Tampanen siji lan sijiné kanthi ramah.* 13 Kabèh wong suci ngirim salam marang kowé kabèh.
14 Muga-muga kowé kabèh padha nampa welas asih sing nggumunké* saka Gusti Yésus Kristus, nampa katresnané Gusti Allah, lan nampa berkah-berkah saka roh suci.