Yohanes
13 Sakdurungé Riyaya Paskah, Yésus ngerti nèk wis wektuné kanggo dhèwèké ninggalké donya iki lan lunga marang Bapak. Yésus nresnani para pengikuté sing ana ing donya, lan Yésus terus nresnani wong-wong kuwi nganti pungkasan. 2 Wektu kuwi Yésus lan para muridé lagi padha nindakké perjamuan ing wayah wengi, lan Iblis mengaruhi* Yudas Iskariot, anaké Simon, kanggo ngianati Yésus. 3 Yésus ngerti nèk Bapak wis masrahké sakabèhé ing tangané lan uga ngerti nèk dhèwèké teka saka Gusti Allah lan bakal bali marang Gusti Allah. 4 Mula wektu isih padha nindakké perjamuan, Yésus ngadeg lan nyopot klambi njabané. Banjur Yésus njupuk andhuk, lan nggubedké kuwi ing pinggangé. 5 Sakwisé kuwi, Yésus ngisèni banyu ing baskom, banjur mulai ngwijiki sikilé murid-muridé lan ngelapi nganti garing nganggo andhuk sing digubedké ing pinggangé mau. 6 Wektu tekan gilirané Simon Pétrus, dhèwèké kandha marang Yésus, ”Gusti, apa panjenengan arep ngwijiki sikilku?” 7 Yésus njawab, ”Saiki kowé durung ngerti apa sing tak tindakké iki, nanging sukmbèn kowé bakal ngerti.” 8 Pétrus kandha, ”Aja nganti panjenengan ngwijiki sikilku.” Yésus njawab, ”Nèk aku ora ngwijiki sikilmu, kowé ora isa bareng aku.” 9 Simon Pétrus kandha, ”Gusti, aja mung ngwijiki sikilku, nanging uga tangan lan sirahku.” 10 Yésus njawab, ”Wong sing wis adus, mung perlu diwijiki sikilé, merga badané wis resik. Kowé wis padha resik, nanging ora kabèh ing antaramu resik.” 11 Yésus ngerti sapa sing bakal ngianati dhèwèké. Kuwi sebabé Yésus kandha, ”Ora kabèh ing antaramu resik.”
12 Sakwisé Yésus ngwijiki sikilé murid-muridé lan nganggo klambi njabané, Yésus lungguh manèh lan kandha marang murid-muridé, ”Apa kowé ngerti ngapa aku nindakké kuwi mau marang kowé? 13 Kowé nyebut aku, ’Guru’ lan ’Gusti’, lan kuwi pancèn bener. 14 Nèk aku waé, senajan Gusti lan Guru, gelem ngwijiki sikilmu, kowé uga kudu padha ngwijiki sikilé siji lan sijiné. 15 Aku wis mènèhi tuladha* kanggo kowé, supaya kowé uga nindakké apa sing tak tindakké marang kowé. 16 Saktenané aku kandha marang kowé, budhak ora ngungkuli majikané, lan wong sing diutus ora ngungkuli wong sing ngutus. 17 Saiki kowé ngerti bab-bab iki, nanging kowé bakal bungah nèk kowé nindakké kuwi. 18 Ora kabèh saka antaramu sing tak omongké iki. Aku kenal wong sing wis tak pilih. Nanging nganggo cara iki apa sing wis ditulis ing Kitab Suci isa kelakon, yaiku, ’Wong sing mangan rotiku mbalik nglawan aku.’* 19 Saiki aku ngandhani kowé sakdurungé kuwi kelakon, supaya wektu kuwi tak alami, kowé bakal percaya nèk aku sing dimaksud ing ayat kuwi. 20 Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing nampa wong sing tak utus, uga nampa aku. Lan sapa waé sing nampa aku, uga nampa Panjenengané sing ngutus aku.”
21 Sakwisé ngomong kaya ngono, Yésus dadi susah banget atiné, lan ngomong terus terang, ”Saktenané aku kandha marang kowé, salah siji saka antaramu bakal ngianati aku.” 22 Murid-muridé banjur padha nyawang siji lan sijiné, merga ora ngerti sapa sing dimaksudké Yésus. 23 Salah siji muridé, yaiku sing ditresnani Yésus, lungguh ing cedhaké.* 24 Mula Simon Pétrus banjur manthuk marang murid kuwi lan takon, ”Sapa sing dhèwèké maksudké?” 25 Mula murid kuwi méngo marang Yésus lan takon, ”Wong kuwi sapa Gusti?” 26 Yésus njawab, ”Dhèwèké kuwi wong sing bakal tak wènèhi roti sing tak celupké.” Banjur, sakwisé nyelupké roti, Yésus mènèhké marang Yudas, anaké Simon Iskariot. 27 Sakwisé Yudas nampa roti kuwi, Sétan banjur mlebu ing atiné. Mula Yésus banjur kandha marang dhèwèké, ”Apa sing lagi kok tindakké, tindakna kuwi luwih cepet.” 28 Nanging, ora ana siji-sijia wong sing lungguh ing kono sing ngerti apa sebabé Yésus ngomong kaya ngono marang Yudas. 29 Merga Yudas sing nggawa kothak dhuwit, ana sing ngira nèk Yésus ngongkon Yudas tuku apa waé sing dibutuhké kanggo riyaya, utawa mènèhi dhuwit marang wong miskin. 30 Dadi sakwisé nampa roti kuwi, Yudas langsung lunga. Wektu kuwi wis wengi.
31 Sakwisé Yudas lunga, Yésus kandha, ”Saiki Putrané manungsa dimulyakké, lan Gusti Allah uga dimulyakké merga dhèwèké. 32 Gusti Allah dhéwé sing bakal mulyakké Putrané manungsa, lan Panjenengané bakal cepet-cepet nindakké kuwi. 33 Anak-anakku, wektuku karo kowé mung kari sedhéla. Kowé bakal nggolèki aku. Nanging, apa sing tau tak omongké marang wong-wong Yahudi saiki uga tak omongké marang kowé, ’Ing panggonan sing arep tak parani, kowé ora bakal isa mrana.’ 34 Aku mènèhi kowé préntah anyar, yaiku kowé kudu padha nresnani siji lan sijiné. Kaya aku wis nresnani kowé, kowé uga kudu padha nresnani siji lan sijiné. 35 Nganggo cara iki, kabèh wong bakal ngerti nèk kowé kuwi murid-muridku: yaiku nèk kowé padha nresnani siji lan sijiné.”
36 Simon Pétrus banjur takon, ”Gusti, panjenengan arep menyang ngendi?” Yésus njawab, ”Saiki, kowé ora isa mèlu aku menyang panggonan sing arep tak parani, nanging sukmbèn kowé bakal mèlu aku mrana.” 37 Pétrus kandha, ”Gusti, ngapa aku ora isa mèlu panjenengan saiki? Aku bakal masrahké nyawaku* kanggo panjenengan.” 38 Yésus njawab, ”Apa tenan kowé bakal masrahké nyawamu* kanggo aku? Saktenané aku kandha marang kowé, sakdurungé jago kluruk, kowé bakal ping telu ora ngakoni nèk kenal aku.”