Wahyu
18 Sakwisé kuwi, aku weruh malaékat liyané mudhun saka swarga. Malaékat mau nduwé kuwasa sing gedhé lan bumi dadi padhang merga kamulyané. 2 Banjur malaékat kuwi mbengok nganggo swara seru, ”Dhèwèké wis rubuh! Babilon Gedhé wis rubuh! Dhèwèké wis dadi panggonané roh-roh jahat, lan dadi panggonan kanggo ndhelik roh-roh najis* lan kabèh manuk sing najis lan njijiki! 3 Kuwi merga kabèh bangsa wis dadi korban saka angguré, yaiku nafsuné kanggo hubungan sèks sing ora sah.* Raja-raja ing bumi padha nindakké hubungan sèks sing ora sah karo dhèwèké, lan para pedagang* ing bumi dadi sugih merga barang-barang méwah sing dhèwèké klumpukké tanpa ngrasa isin.”
4 Banjur aku krungu swara liya saka langit sing kandha, ”Umat-Ku, metua saka kono supaya kowé ora mèlu nindakké dosa-dosané, lan ora mèlu kena bencana-bencanané. 5 Dosa-dosané wis tumpuk-undhung tekan langit, lan Gusti Allah éling karo kabèh kejahatané. 6 Balesen kejahatan sing wis dhèwèké tindakké marang wong liya, balesen tikel pindho. Ing gelas sing dhèwèké gunakké kanggo nyampur ombèn-ombèn, campuren kuwi tikel pindhoné kanggo dhèwèké. 7 Merga dhèwèké ngunggulké dhèwèké dhéwé lan urip méwah tanpa ngrasa isin, dhèwèké bakal digawé sedhih lan sengsara. Dhèwèké terus mbatin, ’Aku iki ratu, dudu randha, lan aku ora bakal ngrasa sedhih.’ 8 Kuwi sebabé ing sedina, dhèwèke bakal kena bencana, yaiku pati, rasa sedhih, kurang pangan, lan bakal diobong nganti entèk, merga Gusti Allah Yéhuwah, sing ngadili dhèwèké kuwi kuwat.
9 ”Wektu ndelok kebul saka geni sing ngobong dhèwèké, raja-raja ing bumi bakal nangisi dhèwèké lan nggebugi awaké merga sedhih. Raja-raja kuwi tau nindakké hubungan sèks sing ora sah* karo dhèwèké lan urip méwah bareng dhèwèke. 10 Para raja kuwi ngadeg saka kadohan merga wedi dihukum kaya dhèwèké. Para raja kuwi kandha, ’Dhuh mesakké! Mesakké banget kowé Babilon, kutha sing kuwat, merga ing wektu sak jam kowé wis dihukum!’
11 ”Para pedagang ing bumi uga sedhih lan nangisi dhèwèké, merga ora ana manèh sing mborong dagangané para pedagang kuwi, 12 kabèh emas, pérak, permata, mutiara, linen alus, kain ungu, sutra, kain abang mbranang, lan barang-barang saka kayu wangi, gading, kayu sing larang, tembaga, wesi, marmer, 13 uga kayu manis, rempah, dupa, minyak wangi, menyan, anggur, minyak zaitun, tepung alus, gandum, sapi, wedhus gèmbèl, jaran, kréta, budhak, lan manungsa. 14 Bab-bab apik* sing kok péngini wis ora ana manèh. Panganan sing énak-énak lan barang sing apik-apik wis sirna, lan ora bakal ditemokké manèh.
15 ”Para pedagang barang-barang kuwi dadi sugih merga dhèwèké. Para pedagang kuwi bakal ngadeg saka kadohan merga wedi dihukum kaya dhèwèké. Para pedagang kuwi bakal nangis lan sedhih banget. 16 Lan padha kandha, ’Dhuh mesakké! Mesakké banget kowé, kutha sing gedhé! Mbiyèn kowé nganggo klambi saka linen alus, kain ungu, lan kain abang mbranang, uga nganggo akèh perhiasan méwah saka emas, permata, lan mutiara. 17 Nanging, ing wektu sak jam, bandhamu sing akèh banget wis sirna!’
”Kabèh kaptèn kapal, penumpang, lan awak kapal, uga kabèh wong sing nyambut gawéné ing laut, ngadeg saka kadohan, 18 lan wektu ndelok kebul saka geni sing ngobong dhèwèké, wong-wong kuwi padha mbengok, ’Apa ana kutha liyané sing kaya kutha gedhé iki?’ 19 Wong-wong kuwi banjur padha nyawurké bledug ing ndhuwur sirahé. Karo nangis lan sedhih banget, wong-wong kuwi mbengok, ’Dhuh mesakké! Mesakké banget kowé, kutha sing gedhé lan makmur, sing wis nggawé wong-wong sing nduwé kapal dadi padha sugih. Nanging ing wektu sak jam, kowé wis sirna!’
20 ”Kowé sing ana ing swarga, uga para wong suci, para rasul, lan para nabi, padha bungaha merga Gusti Allah wis ngukum dhèwèké demi kowé kabèh!”
21 Banjur ana malaékat kuwat sing ngangkat watu sing kaya watu gilingan gedhé* lan nguncalké kuwi menyang laut. Dhèwèké kandha, ”Babilon, kutha gedhé kuwi bakal diuncalké kanthi cepet kaya ngéné iki. Dhèwèké ora bakal ditemokké manèh. 22 Ing kana, ora bakal ana manèh swarané penyanyi sing diiringi harpa,* pemain musik, wong sing main suling, utawa wong sing nyebul trompèt. Ora bakal ana manèh pengrajin sing nyambut gawé, lan ora bakal ana manèh swara watu gilingan. 23 Ora bakal ana manèh sinaré lampu, lan ora bakal ana manèh swara mantèn lanang lan mantèn wadon. Para pedagangmu kuwi wong-wong sing nduwé jabatan penting ing bumi, lan kabèh bangsa diblasukké merga kowé nindakké spiritisme.* 24 Ya, ing kana wis ditemokké getihé para nabi, para wong suci, lan kabèh wong sing wis dipatèni ing bumi.”