Galatia
5 Kristus wis nggawé kita merdéka supaya kita isa ngrasakké kemerdékaan sing kaya ngono. Mula, padha terusa kukuh lan aja nganti kowé didadèkké budhak manèh.
2 Aku, Paulus, péngin ngandhani kowé kabèh, nèk kowé disunat, apa sing ditindakké Kristus ora bakal mènèhi paédah apa-apa kanggo kowé. 3 Sepisan manèh aku ngélingké saben wong sing péngin disunat, yaiku nèk wong-wong kuwi wajib nindakké kabèh hukum Taurat. 4 Nèk kowé kabèh ngupaya dianggep bener liwat hukum, kowé kabèh wis kepisah saka Kristus lan wis ninggalké welas asihé sing nggumunké.* 5 Nanging, kita nunggu-nunggu kanggo dianggep bener liwat roh suci lan iman. 6 Kanggo wong sing nyawiji karo Kristus Yésus, sing penting kuwi dudu disunat utawa ora, nanging sing penting kuwi iman sing diduduhké liwat katresnan.
7 Mbiyèn kowé mlayu kanthi apik. Sapa sing ngalang-alangi kowé nganti kowé ora manut manèh karo piwulang sing bener? 8 Piwulangé wong-wong sing ngalang-alangi kowé kuwi asalé dudu saka Gusti Allah sing ngundang kowé kabèh. 9 Ragi sathithik isa nyebar ing kabèh adonan.* 10 Aku yakin nèk kowé kabèh sing nyawiji karo Gusti bakal setuju karo aku. Nanging wong-wong sing nyebabké masalah ing antaramu, embuh sapa waé kuwi, mesthi bakal nampa hukuman sing pantes kanggo dhèwèké. 11 Sedulur-sedulur, nèk aku isih mulang bab sunat, wong-wong kuwi ora bakal nganiaya aku, lan piwulangku bab sédané Yésus ing cagak paukuman* ora bakal nggawé wong kesandhung. 12 Muga-muga wong-wong sing nyoba arep nggègèrké kowé bakal ngebiri wong-wong kuwi dhéwé.*
13 Sedulur-sedulur, kowé kabèh wis padha dipilih kanggo merdéka, nanging aja nggunakké kemerdékaan iki kanggo kesempatan nuruti pepénginané badan sing dosa.* Nanging, merga katresnan, dadia budhak kanggo siji lan sijiné. 14 Merga kabèh isiné hukum Taurat wis diringkes ing siji préntah, yaiku: ”Tresnaa marang pepadhamu* kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.” 15 Nanging, nèk kowé kabèh padha terus nglarani uga nyerang siji lan sijiné, padha ngati-atia merga isa waé kowé dadi padha nyirnakké siji lan sijiné.
16 Aku péngin ngandhani kowé: Terusa mlaku manut tuntunané roh suci, lan kowé ora bakal nuruti pepénginané badanmu sing dosa.* 17 Pepénginané badan sing dosa* ora cocog karo roh suci, lan roh suci ora cocog karo badan sing dosa. Merga loro-loroné padha memungsuhan, mula kowé ora nindakké apa sing kok péngini. 18 Sakliyané kuwi, nèk kowé kabèh dituntun roh suci, kowé ora bakal nindakké hukum manèh.
19 Tumindak sing dihasilké badan sing dosa kuwi kétok cetha, yaiku hubungan sèks sing ora sah,* tumindak najis, tumindak kurang ajar,* 20 nyembah brahala, spiritisme,* memungsuhan, seneng padu, gampang curiga,* gampang nesu, bebantahan, cecongkrahan, sèkte-sèkte, 21 mèri, mabuk-mabukan, pésta bébas, lan liya-liyané. Sepisan manèh kowé kabèh tak élikké, kaya sing wis tau tak tindakké sakdurungé: Wong-wong sing terus nindakké perkara-perkara kuwi ora bakal nampa warisan Kratoné Allah.
22 Nanging woh sing dihasilké roh suci yaiku katresnan, kabungahan, katentreman, kesabaran, apik ati, apikan, iman, 23 watak sing alus, lan ngendhalèni dhiri. Ora ana hukum sing nglawan bab-bab kuwi. 24 Sakliyané kuwi, wong sing wis dadi duwèké Kristus Yésus wis matèni* kabèh nafsuné lan pepénginan badané sing dosa.*
25 Nèk kita urip manut karo tuntunané roh suci, ayo kita padha terus tumindak manut karo tuntunané roh suci kuwi. 26 Kita aja sombong, saingan, utawa mèri marang siji lan sijiné.