Matius
12 Wektu kuwi, Yésus mlaku ngliwati ladhang gandum pas dina Sabat. Murid-muridé padha luwé lan methik wohé gandum banjur dipangan. 2 Wektu weruh kuwi, wong Farisi kandha marang Yésus, ”Deloken kuwi, murid-muridmu nindakké apa sing miturut hukum ora éntuk ditindakké pas dina Sabat.” 3 Yésus njawab, ”Apa kowé durung tau maca sing ditindakké Daud wektu dhèwèké lan anak buahé padha luwé? 4 Dhèwèké mlebu ing pedalemané Gusti Allah lan wong-wong kuwi mangan roti persembahan, sing sakjané ora éntuk dipangan merga kuwi mung kanggo para imam. 5 Utawa apa kowé durung tau maca ing Taurat nèk pas dina Sabat, para imam tetep kerja* ing bait, nanging tetep dianggep ora salah? 6 Aku kandha marang kowé, ing kéné ana wong sing luwih penting ketimbang bait. 7 Nèk kowé isa ngerti tegesé ukara iki, ’Aku seneng marang welas asih, dudu kurban,’ mesthiné kowé ora bakal nyalahké wong-wong sing ora salah. 8 Merga Putrané manungsa kuwi Gustiné dina Sabat.”
9 Sakwisé lunga saka kono, Yésus mlebu ing sinagogé.* 10 Lan ing kono, ana wong sing tangané lumpuh sebelah. Merga péngin nggolèk salahé Yésus, wong Farisi takon, ”Apa miturut hukum éntuk marèkké wong ing dina Sabat?” 11 Yésus njawab, ”Nèk ing antaramu ana sing nduwé wedhus gèmbèl siji lan wedhus kuwi kecemplung kalèn pas dina Sabat, mesthiné bakal kok angkat metu saka kalèn kuwi, ta? 12 Manungsa kuwi luwih aji ketimbang wedhus gèmbèl. Dadi, miturut hukum ora apa-apa nindakké bab sing becik ing dina Sabat.” 13 Terus Yésus kandha marang wong lumpuh mau, ”Ethungna tanganmu.” Lan wong kuwi ngethungké tangané, lan tangané dadi séhat manèh kaya tangan sing sijiné. 14 Banjur wong-wong Farisi kuwi metu saka kono lan nggawé rencana kanggo matèni Yésus. 15 Merga ngerti bab kuwi, Yésus ngalih saka kono. Akèh wong ngetutké Yésus, lan Yésus marèkké kabèh wong kuwi. 16 Nanging Yésus kanthi tegas ngélikké wong-wong kuwi supaya ora nyritakké bab dhèwèké, 17 supaya kelakon apa sing dikandhakké liwat Nabi Yésaya, yaiku,
18 ”Iki abdi-Ku sing Tak pilih, sing Tak tresnani, sing ndadèkké senengé ati-Ku. Aku bakal maringké roh-Ku marang dhèwèké, lan dhèwèké bakal nduduhké apa kaadilan sejati kuwi marang bangsa-bangsa. 19 Dhèwèké ora bakal padu lan ora bakal bengak-bengok, uga ora ana wong siji-sijia sing bakal krungu swarané ing dalan-dalan utama. 20 Suket sing alum ora bakal diidak-idak, lan sumbu sing geniné arep mati ora bakal dipatèni, nganti dhèwèké suksès nduduhké kaadilan. 21 Bangsa-bangsa bakal ngarep-arep marang asmané.”
22 Banjur wong-wong nggawa marang Yésus, wong lanang sing wuta lan bisu merga kesurupan roh jahat. Yésus marèkké wong lanang kuwi, banjur wong lanang kuwi isa ndelok lan ngomong manèh. 23 Wong-wong padha nggumun lan kandha, ”Wong kuwi mungkin Putrané Daud.” 24 Wong-wong Farisi krungu omongan kuwi lan kandha, ”Wong iki ora bakal isa ngusir roh jahat kejaba dhèwèké diéwangi Béèlzebul,* panguwasané roh-roh jahat.” 25 Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong Farisi kuwi. Mula Yésus kandha, ”Saben pamréntahan sing rakyaté padha padu mesthi bakal bubar, lan saben kutha utawa keluarga sing wongé ora rukun mesthi bakal bubrah. 26 Semono uga, nèk Sétan ngusir Sétan, dhèwèké bakal bubrah. Piyé pamréntahané bakal terus ana? 27 Nèk umpama aku isa ngusir roh-roh jahat merga diéwangi Béèlzebul, terus murid-muridmu sing ngusir roh jahat kuwi diéwangi sapa? Para muridmu dhéwé sing mbuktèkké nèk kowé klèru. 28 Nèk aku isa ngusir roh-roh jahat merga diéwangi kuwasané Gusti Allah, kuwi tegesé kowé ora ngerti nèk sakjané Kratoné Allah wis teka. 29 Utawa, piyé wong isa mlebu omahé wong lanang sing kuwat lan ngrampog bandhané, nèk ora nalèni dhisik wong kuwat kuwi? Sakwisé nalèni, dhèwèké lagi isa njarah omahé. 30 Sapa waé sing ora mihak aku, kuwi tegesé nglawan aku, lan sapa waé sing ora mèlu aku nglumpukké wong-wong, kuwi tegesé mbuyarké.
31 ”Merga kuwi, aku ngandhani kowé, kabèh dosa lan tumindak sing ngrèmèhké bakal diapura, nanging wong sing ngrèmèhké roh suci ora bakal diapura. 32 Nèk ana wong sing ngomong nglawan Putrané manungsa, dhèwèké bakal diapura, nanging sapa waé sing ngomong nglawan roh suci ora bakal diapura, ing jaman* saiki lan ing jaman mbésuk.
33 ”Nèk kowé ngrumat wit, wohé bakal apik, nanging nèk wit kuwi ora kok rumat, wohé ya bakal èlèk. Saka wohé, awaké dhéwé bakal ngerti wit kuwi apik apa èlèk. 34 Kowé kabèh keturunan ula sing ana racuné, kowé ora mungkin isa ngomong sing apik merga atimu èlèk. Sebab apa sing diomongké ing cangkem, kuwi metu saka ati. 35 Wong apik ngucapké apa sing apik merga atiné kebak perkara-perkara sing apik. Nanging wong jahat ngucapké apa sing jahat merga atiné kebak perkara-perkara sing jahat. 36 Aku kandha marang kowé, nèk ing Dina Pengadilan, manungsa kudu tanggung jawab kanggo saben omongané sing ora ana gunané. 37 Merga nèk omonganmu apik, Gusti Allah bakal nganggep kowé wong sing nindakké apa sing bener. Nanging nèk omonganmu ala, Gusti Allah bakal ngadili kowé.”
38 Banjur, ana wong-wong Farisi lan ahli Taurat kandha, ”Guru, aku kabèh péngin ndelok tandha saka panjenengan.” 39 Yésus njawab, ”Wong-wong jaman iki* jahat lan ora setya.* Wong-wong kuwi padha terus njaluk tandha, nanging ora bakal ana tandha sing diwènèhké, sakliyané tandha Nabi Yunus. 40 Kaya Yunus ana ing wetengé iwak gedhé telung dina telung wengi, Putrané manungsa uga bakal ana ing kuburan* telung dina telung wengi. 41 Ing Dina Pengadilan, wong-wong Niniwé bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Wong Niniwé bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga wong Niniwé mertobat sakwisé krungu warta saka Yunus. Nanging ing kéné, ana wong sing luwih penting ketimbang Yunus. 42 Ing Dina Pengadilan, ratu saka kidul* bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Dhèwèké bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga dhèwèké teka saka panggonan sing adoh kanggo ngrungokké kawicaksanané Salomo. Nanging ing kéné, ana wong sing luwih penting ketimbang Salomo.
43 ”Wektu ana roh najis metu saka salah siji wong, roh kuwi banjur ngliwati panggonan sing gersang kanggo nggolèk panggonan ngaso, nanging ora nemu. 44 Banjur dhèwèké kandha, ’Aku arep bali menyang omah sing wis tak tinggalké.’ Sakwisé tekan omah mau, omahé suwung nanging wis disapu resik lan ditata apik. 45 Dhèwèké banjur lunga lan ngajak roh jahat pitu liyané sing luwih jahat ketimbang dhèwèké, terus padha mlebu ing wong kuwi lan manggon ing kono. Dadi, kahanané wong sing kesurupan mau luwih parah ketimbang sakdurungé. Kaya ngono kuwi sing bakal kelakon marang wong-wong jahat ing jaman iki.”*
46 Wektu Yésus lagi ngomong marang kumpulan wong kuwi, ibuné lan sedulur-seduluré lanang ana ing njaba, péngin ngomong karo Yésus. 47 Banjur, ana wong sing kandha karo Yésus, ”Ibumu lan sedulur-sedulurmu lanang ana ing njaba, péngin omongan karo panjenengan.” 48 Yésus njawab, ”Sapa ibuku, lan sapa sedulur-sedulurku?” 49 Karo nduding murid-muridé, Yésus kandha, ”Wong-wong iki ibuku lan sedulur-sedulurku. 50 Merga sapa sing nindakké kersané Bapakku ing swarga, iya kuwi sedulurku lanang lan sedulurku wadon, uga ibuku.”