Titus
2 Nanging kowé, terus omongna apa sing cocog karo wulangan sing bener.* 2 Wong-wong lanang sing wis tuwa kudu isa ngendhalèni dhiri ing kabèh perkara, serius, nduwé pertimbangan sing apik,* terus kuwat* ing bab iman, katresnan, lan ketekunan. 3 Semono uga, wong-wong wadon sing wis tuwa kudu tumindak sing ngajèni Gusti Allah, ora mitenah, ora dadi budhaké anggur, lan mulangké apa sing apik, 4 supaya para wong wadon kuwi isa mènèhi naséhat marang* wong-wong wadon sing luwih enom kanggo nresnani bojoné, nresnani anak-anaké, 5 nduwé pertimbangan sing apik,* murni, ngurusi omahé, tumindaké apik, lan manut karo bojoné, supaya pangandikané Gusti Allah ora dicacad.
6 Semono uga, terus élikna wong-wong lanang sing luwih enom supaya nduwé pertimbangan sing apik,* 7 lan ing kabèh perkara dadia tuladha ing bab nindakké apa sing apik. Wulangna apa sing murni* kanthi serius, 8 nganggo omongan sing bener* sing ora isa dipaido, supaya wong-wong sing nentang kita dadi isin, merga ora isa ngomongké apa-apa sing ala bab kita. 9 Para budhak kudu tundhuk karo majikané ing kabèh perkara, ngupaya nyenengké majikané, ora mbantah, 10 ora nyolong, nanging nduduhké nèk para budhak kuwi isa bener-bener dipercaya, supaya nganggo cara apa waé para budhak kuwi isa ngluhurké* wulangané Juru Slamet kita, yaiku Gusti Allah.
11 Welas asihé Gusti Allah sing nggumunké* wis kétok cetha, lan kuwi nylametké kabèh wong. 12 Kuwi nglatih kita kanggo nolak apa sing ora cocog karo kersané Gusti Allah, kanggo nolak pepénginan marang bab-bab sing ala saka donya iki, urip nganggo pertimbangan sing apik,* nganggo cara sing bener, lan ngabdi marang Gusti Allah ing tengah-tengahé donya* saiki, 13 karo ngentèni pangarep-arep sing nyenengké akiré kelakon, lan ngentèni Gusti Allah sing Mahakuwasa nduduhké kamulyané lan kamulyané Juru Slamet kita, Kristus Yésus, 14 sing wis nyerahké uripé kanggo mbébaské* kita saka kabèh tumindak sing nglanggar hukum, lan nggawé murni kita supaya kita dadi umaté sing istiméwa, sing semangat nindakké apa sing apik.
15 Terus wulangna bab-bab iki, wènèhana naséhat,* lan élikna wong-wong liya merga kowé nduwé wewenang kanggo nindakké perkara-perkara kuwi. Aja nganti ana wong sing ngrèmèhké kowé.