1 Korintus
16 Saiki, bab nglumpukké sumbangan kanggo para wong suci, kowé isa manut tuntunan sing wis tak wènèhké marang jemaat-jemaat ing Galatia. 2 Ing dina kapisan saben minggu, saben wong ing antaramu kudu nyisihké dhuwit miturut kesanggupané dhéwé-dhéwé, supaya kowé ora perlu nglumpukké dhuwit kuwi wektu aku teka. 3 Sakwisé tekan kana, aku bakal ngutus sedulur-sedulur lanang sing wis kok setujoni ing surat-suratmu kanggo nggawa sumbangan sing kok wènèhké kanthi lila ati menyang Yérusalèm. 4 Nanging, nèk kétoké luwih becik aku kudu mrana, aku bakal mrana bareng wong-wong kuwi.
5 Saiki, aku arep lunga menyang Makédonia, lan sakwisé lunga menyang Makédonia, aku bakal marani kowé. 6 Aku bakal manggon karo kowé kanggo sawetara wektu, mungkin malah nganti musim dingin rampung. Supaya sakwisé kuwi, kowé isa ngeterké aku nganti sebagéan perjalananku. 7 Merga aku ora mung péngin mampir thok kanggo ketemu kowé saiki, sebab nèk Yéhuwah ngijinké, aku péngin manggon rada suwé karo kowé. 8 Saiki, aku arep tetep ing kéné, yaiku ing Éfésus, nganti Riyaya Péntakosta, 9 merga ana kesempatan gedhé sing diwènèhké marang aku* kanggo ngrampungké gawéan nginjilku. Nanging ana akèh sing nentang.
10 Pas Timotius teka, upayakna supaya dhèwèké ora wedi wektu bareng karo kowé, merga dhèwèké nyambut gawé kanggo Yéhuwah, padha kaya aku. 11 Mula, aja nganti ana wong sing ngrèmèhké dhèwèké. Bantunen dhèwèké neruské perjalanané kanthi slamet, supaya dhèwèké isa teka marani aku, merga aku lan sedulur-sedulur liyané nunggu dhèwèké.
12 Bab Apolos sedulur kita, aku wis ngupaya tenanan njaluk marang dhèwèké kanggo marani kowé kabèh bareng sedulur-sedulur liyané. Nanging, dhèwèké durung gelem teka saiki. Apolos bakal teka wektu ana kesempatan.
13 Tetepa sadhar, gegemen kenceng imanmu, tetepa kendel, lan dadia kuwat. 14 Tindakna kabèh perkara nganggo katresnan.
15 Kowé ngerti nèk kabèh wong sing ana ing omahé Stéfanas kuwi murid-murid sing sepisanan* ing Akhaya, lan wong-wong kuwi tansah siap ngladèni para wong suci. Mula, iki sing dadi penjalukku marang kowé, sedulur-sedulur: 16 Terusa manut marang wong-wong sing kaya ngono lan marang kabèh wong sing wis nyambut gawé bareng lan nyambut gawé kanthi mempeng. 17 Aku bungah merga Stéfanas, Fortunatus, lan Akhaikus teka. Wong-wong kuwi wis akèh mbantu aku wektu kowé kabèh ora ana ing kéné. 18 Wong-wong kuwi wis nyemangati aku* lan kowé. Mula, ajènana wong-wong sing kaya ngono kuwi.
19 Jemaat-jemaat ing Provinsi Asia ngirim salam marang kowé kabèh. Akuila lan Priska,* bareng karo jemaat sing ngibadah ing omahé, uga ngirim salam katresnan merga padha-padha pengikuté Gusti. 20 Kabèh sedulur titip salam kanggo kowé. Tampanana siji lan sijiné kanthi ramah.*
21 Iki salam saka aku, Paulus, sing tak tulis dhéwé.
22 Nèk ana wong sing ora nresnani Gusti, dhèwèké pantes kena laknat. Muga-muga Gusti ndang teka. 23 Muga-muga kowé terus nampa welas asih sing nggumunké* saka Gusti Yésus. 24 Aku nresnani kowé kabèh sing nyawiji karo Kristus Yésus.