2 Korintus
12 Aku kudu bangga, mula aku bakal ngomong bab wahyu sing Gusti duduhké marang aku lan warta sing diparingké marang aku, senajan kuwi ora ana paédahé kanggo aku. 2 Aku kenal karo sawijiné wong lanang sing nyawiji karo Kristus, sing 14 taun kepungkur ujug-ujug digawa menyang swarga katelu. Aku ora ngerti apa wong kuwi digawa nganggo badan jasmaniné utawa ora. Gusti Allah sing ngerti. 3 Aku kenal wong kuwi, nanging aku ora ngerti apa wong kuwi digawa nganggo badan jasmaniné utawa ora. Gusti Allah sing ngerti. 4 Wong kuwi ujug-ujug digawa menyang firdaus lan krungu tembung-tembung sing ora éntuk diomongké utawa diucapké manungsa. 5 Aku bakal bangga karo wong iki. Nanging bab awakku dhéwé, aku mung bakal bangga karo kelemahanku. 6 Nèk aku arep bangga, aku bakal dadi wong sing masuk akal, merga aku bakal ngomong sing saktenané. Nanging aku ora bakal bangga, supaya kowé padha ngalem aku miturut apa sing kok delok lan kok rungokké saka aku, 7 dudu merga perkara-perkara sing nggumunké sing diduduhké marang aku.
Supaya ora dadi sombong, aku dikèki eri ing njero daging, kaya-kaya ana malaékaté Sétan sing terus ngamplengi* aku, supaya aku ora dadi sombong. 8 Wis ping telu aku nyuwun marang Gusti* supaya eri kuwi disingkirké saka aku. 9 Nanging Panjenengané ngendika marang aku, ”Welas asih-Ku sing nggumunké* wis cukup kanggomu, merga wektu kowé tanpa daya, kuwasa-Ku dadi nyata.” Mula, kanthi seneng aku bakal bangga karo kelemahanku, supaya kuwasané Kristus terus ngayomi aku kaya kémah. 10 Dadi wektu aku tanpa daya, dirèmèhké, kekurangan, dianiaya, utawa ngadhepi kahanan sing angèl demi Kristus, aku seneng. Wektu aku tanpa daya, aku dadi kuwat.
11 Aku wis dadi ora masuk akal. Kowé kabèh sing nggawé aku dadi kaya ngéné iki, merga kuduné kowé padha ngomongké sing apik bab aku. Senajan aku dudu sapa-sapa, sathithik waé aku ora kalah karo rasul-rasulmu sing hébat kuwi. 12 Malah, kowé wis padha ndelok dhéwé buktiné nèk aku iki pancèn rasul, merga aku terus tekun lan nindakké akèh mukjijat,* perkara-perkara ajaib, lan perkara-perkara sing nggumunké. 13 Nèk dibandhingké jemaat liya, kowé kabèh ora ana kurangé ta? Sing mbédakké mung ing bab aku ora dadi bebanmu. Nèk ing bab iki aku salah, aku njaluk ngapura.
14 Saktenané, iki sing kaping teluné aku siap marani kowé, lan kaya sakdurungé, aku uga ora péngin dadi bebanmu. Merga sing tak péngini dudu bandhamu, nanging kowé dhéwé. Dudu anak-anak sing kuduné ngumpulké bandha kanggo wong tuwané, nanging wong tuwané sing kuduné nindakké kuwi kanggo anak-anaké. 15 Nèk aku, aku bakal seneng mènèhké marang kowé* kabèh sing tak duwèni lan uga nyawaku. Aku tresna banget marang kowé, mula apa pantes nèk kowé kabèh kurang nresnani aku? 16 Senajan ngono, aku ora dadi beban kanggo kowé kabèh. Nanging, kowé malah padha kandha nèk aku ”licik” lan njiret kowé nganggo cara ”ngapusi”. 17 Aku ora njupuk keuntungan saka kowé liwat wong-wong sing tak utus, ta? 18 Wektu aku njaluk supaya Titus marani kowé, lan aku ngutus salah siji sedulur bareng karo dhèwèké, Titus babar blas ora njupuk keuntungan saka kowé, ta? Dhèwèké nduwé pikiran sing padha lan tumindak sing padha kaya aku kabèh, ta?
19 Apa kowé padha mikir nèk aku kabèh lagi nggawé pembélaan ing ngarepmu? Ora kaya ngono. Aku kabèh ngomong kanthi jujur ing ngarsané Gusti Allah, dadi wong sing nyawiji karo Kristus. Saktenané, sedulur-sedulur sing tak tresnani, kabèh sing padha tak tindakké iki kanggo nguwatké kowé. 20 Aku kuwatir nèk wektu aku teka mengko, kowé ora kaya sing tak karepké, lan aku uga ora kaya sing kok karepké. Aku kuwatir ana sing udur-uduran, iri,nesu, padu, ngèlèk-èlèk wong, nggosip, sombong, lan kisruh. 21 Mungkin wektu aku teka manèh, Gusti Allahku bakal nggawé aku isin wektu aku bareng karo kowé, lan aku bakal sedhih banget merga akèh wong sing mbiyèn nindakké dosa isih durung mertobat saka tumindak sing najis, saka hubungan sèks sing ora sah,* lan saka tumindak kurang ajar.*