2 Pétrus
2 Senajan ngono, ana uga nabi-nabi palsu ing antarané umaté Gusti Allah jaman mbiyèn, lan bakal ana uga guru-guru palsu ing antaramu. Kanthi cara meneng-meneng, wong-wong kuwi bakal nggawé sèkte-sèkte sing ngrusak, lan malah ora ngakoni pribadi sing nebus* wong-wong kuwi, sing wis nuku wong-wong kuwi, mula wong-wong kuwi bakal ndang disirnakké. 2 Sakliyané kuwi, ana akèh sing bakal mèlu-mèlu tumindak kurang ajar* kaya wong-wong kuwi, lan merga wong-wong kuwi, wulangan sing bener bakal dièlèk-èlèk. 3 Uga, wong-wong kuwi bakal nggunakké tembung-tembung sing ngapusi kanggo njupuk keuntungan saka kowé kanthi srakah. Nanging hukuman kanggo wong-wong kuwi, sing ditemtokké wiwit mbiyèn, ora bakal telat, lan wong-wong kuwi mesthi bakal disirnakké.
4 Gusti Allah ngukum para malaékat sing nindakké dosa, lan nguncalké para malaékat kuwi ing Tartarus,* ngranté para malaékat kuwi ing* pepeteng kanggo ditahan nganti para malaékat kuwi dihukum. 5 Gusti Allah uga ngukum donya jaman mbiyèn. Panjenengané nekakké banjir gedhé ing donya sing kebak karo wong-wong sing ora ngajèni Panjenengané, nanging nylametké Nuh, yaiku wong sing martakké apa sing bener, bareng karo wong pitu liyané. 6 Sakliyané kuwi, Gusti Allah ngukum kutha Sodom lan Gomora, nggawé kutha kuwi dadi awu, supaya dadi pangéling-éling bab apa sing bakal dialami karo wong-wong sing ora ngajèni Panjenengané. 7 Panjenengané uga nylametké Lot, wong bener sing sengsara banget merga tumindak kurang ajar* sing ditindakké wong-wong jahat. 8 Saben dina, wong bener kuwi ngrasa kesiksa merga kejahatan sing didelok lan dirungokké saksuwéné dhèwèké manggon ing antarané wong-wong jahat kuwi. 9 Dadi, Yéhuwah ngerti carané nylametké wong-wong sing ngabdi marang Panjenengané saka pacoban, uga ngerti carané nyimpen wong-wong jahat kanggo disirnakké ing dina pengadilan, 10 utamané wong sing ngupaya nggawé najis badané wong liya lan sing ngrèmèhké para panguwasa.*
Wong-wong kuwi wani banget lan tumindak sakarepé dhéwé. Wong-wong kuwi ora wedi ngèlèk-èlèk wong-wong sing mulya,* 11 malah para malaékat waé, senajan luwih kuwat lan luwih kuwasa, ora tau nudhuh guru-guru palsu kuwi nganggo tembung-tembung sing ngrèmèhké, merga para malaékat ngajèni Yéhuwah. 12 Nanging wong-wong iki, kaya kéwan sing ora nduwé akal sing mung nuruti naluri, sing lair mung kanggo ditangkep lan dipatèni, ngrèmèhké bab-bab sing ora dingertèni. Wong-wong kuwi bakal disirnakké merga tumindaké sing ala, 13 lan bakal dihukum merga tumindaké sing jahat.
Wong-wong kuwi seneng urip méwah,* malah nindakké kuwi ing wayah awan. Wong-wong kuwi kaya regedan lan cacad, sing seneng banget* nyritakké ajaran palsu wektu mangan bareng karo kowé. 14 Wong-wong kuwi péngin banget nindakké laku jina,* ora isa mandheg anggoné nindakké dosa, lan mbujuk wong-wong sing ora teguh. Atiné wong-wong kuwi wis kulina srakah. Wong-wong kuwi bakal dihukum Gusti Allah. 15 Wong-wong kuwi ninggalké dalan sing bener, mula dadi disasarké. Wong-wong kuwi niru tumindaké Biléam, anaké Béor, sing seneng mburu opah kanggo tumindaké sing salah, 16 nanging diélikké merga pelanggarané. Keledai sing ora isa ngomong, dadi isa ngomong kaya manungsa, lan ngalang-alangi tumindak édané nabi kuwi.
17 Wong-wong kuwi kaya sumber banyu sing asat, kaya kabut sing diterjang angin gedhé, lan bakal ana ing pepeteng. 18 Wong-wong kuwi ngucapké omongan-omongan sing kétoké hébat, nanging sakjané ora ana gunané. Nganggo tumindak kurang ajar* lan pepénginan badan sing dosa,* wong-wong kuwi mbujuk wong-wong sing lagi waé bébas saka wong-wong sing nindakké salah. 19 Wong-wong kuwi njanjèkké kebébasan, padahal wong-wong kuwi dhéwé budhaké dosa. Nèk wong dikuwasani karo apa waé,* dhèwèké kuwi dadi budhaké. 20 Sakwisé wong-wong kuwi bébas saka kenajisané donya merga nduwé kawruh sing trep bab Gusti lan Juru Slamet kita, Yésus Kristus, nèk wong-wong kuwi mèlu-mèlu manèh lan dikendhalèni karo kenajisan kuwi, kahanané wong-wong kuwi sing pungkasan dadi luwih parah ketimbang sakdurungé. 21 Luwih becik wong-wong kuwi ora tau ngerti bab dalan sing bener, ketimbang ngerti kanthi cetha bab kuwi banjur ninggalké préntah suci sing wis ditampa. 22 Wong-wong kuwi padha kaya paribasan iki: ”Asu mangan utah-utahané dhéwé, lan babi sing wis diadusi gulung-gulung manèh ing blethok.”