Kolose
3 Nanging, nèk kowé kabèh wis diuripké manèh bareng Kristus, terusa ngupaya nggayuh perkara-perkara sing ana ing ndhuwur, ing panggonané Kristus lungguh ing sisih tengené Gusti Allah. 2 Terus arahna pikiranmu marang perkara-perkara sing ana ing ndhuwur, dudu sing ana ing bumi, 3 merga kowé wis padha mati, lan uripmu kabèh ana ing tangané Kristus, cocog karo kersané Gusti Allah. 4 Wektu Kristus, sing nggawé kita urip, nduduhké kamulyané,* kowé uga bakal nduduhké kamulyan bareng karo dhèwèké.
5 Mula, patènana kabèh pepénginané anggota-anggota badanmu, yaiku pepénginan kanggo nindakké hubungan sèks sing ora sah,* kenajisan, nafsu sèks sing ora isa dikendhalèni, kejahatan, lan keserakahan, sing padha karo penyembahan brahala. 6 Kabèh perkara-perkara kuwi nggawé Gusti Allah murka. 7 Mbiyèn, tumindakmu uga kaya ngono.* 8 Nanging saiki, singkirna perkara-perkara iki saka awakmu, yaiku rasa murka, rasa nesu, bab-bab sing ala, utawa tembung-tembung sing ngrèmèhké, lan aja nganti tembung-tembung sing saru metu saka cangkemmu. 9 Aja padha ngapusi. Singkirna kepribadianmu* sing lawas lan kebiasaanmu sing mbiyèn, 10 lan nganggoa kepribadian sing anyar, sing Gusti Allah paringké wektu kita kenal Panjenengané kanthi luwih apik, supaya kepribadian kita bakal digawé anyar lan dadi saya mirip karo kepribadiané Gusti Allah. 11 Ora ana manèh wong Yunani utawa wong Yahudi, wong disunat utawa wong ora disunat, wong asing utawa wong Skit,* budhak utawa wong merdéka. Nanging, Kristus dadi sakabèhé lan kita kabèh nyawiji karo dhèwèké.
12 Mula, merga kita wong-wong pilihané Gusti Allah, sing suci lan ditresnani, duduhna* katresnan, welas asih, apik ati, andhap asor, watak sing alus, lan sabar. 13 Senajan ana alesan kanggo tersinggung, terusa sabar lan padha ngapurani kanthi tulus marang siji lan sijiné. Padha kaya Yéhuwah kanthi tulus ngapurani kowé, tindakna kuwi uga. 14 Nanging sakliyané kuwi kabèh, duduhna* katresnan, merga katresnan kuwi nggawé wong-wong bener-bener nyawiji.
15 Uga, muga-muga katentremané Kristus nguwasani atimu,* merga kowé wis padha diundang kanggo dadi sak badan. Lan terusa ngucap sokur. 16 Muga-muga omongané Kristus ngebaki awakmu lan mènèhi kowé kabèh kawicaksanan. Terusa mulang lan nguwatké* siji lan sijiné nganggo mazmur, lagu pamuji kanggo Gusti Allah, lagu-lagu rohani sing dinyanyèkké nganggo rasa sokur,* lan nyanyia kanggo Yéhuwah saka atimu. 17 Apa waé sing kok omongké lan kok tindakké, tindakna kabèh kuwi ing jenengé Gusti Yésus. Liwat dhèwèké, ngucapa sokur marang Gusti Allah, Bapak kita.
18 Para wong wadon, manuta marang bojomu, kaya sing sakmesthiné ditindakké pengikuté Gusti. 19 Para wong lanang, terusa nresnani bojomu, lan aja kasar* marang bojomu. 20 Bocah-bocah, manuta marang wong tuwamu ing kabèh perkara, merga iki nyenengké Gusti. 21 Para bapak, aja nggawé mangkel* anak-anakmu, supaya anak-anakmu ora semplah atiné.* 22 Para budhak, manuta marang majikanmu ing bumi* ing kabèh perkara, ora mung wektu didelok kaya wong sing péngin nyenengké manungsa, nanging tindakna kuwi kanthi tulus ati, lan merga ngajèni* Yéhuwah. 23 Apa waé sing padha kok tindakké, tindakna kuwi kanthi sakwutuhé jiwamu* kaya kanggo Yéhuwah, lan dudu kanggo manungsa, 24 merga kowé padha ngerti nèk saka Yéhuwah kowé bakal nampa opah yaiku warisan. Nyambut gawéa dadi budhak kanggo Kristus, Majikan kita. 25 Wong sing nindakké salah mesthi dihukum miturut kesalahané, merga Gusti Allah ora pilih kasih.