Titus
1 Surat saka Paulus, budhaké Gusti Allah lan rasulé Yésus Kristus, sing imané padha karo imané wong-wong pilihané Gusti Allah lan padha karo pangertèn sing trep bab apa sing bener. Apa sing bener kuwi klebu ngabdi marang Gusti Allah 2 lan dhasaré yaiku pangarep-arep urip saklawasé, sing wis wiwit mbiyèn dijanjèkké karo Gusti Allah sing ora isa ngapusi. 3 Ing wektu sing wis ditemtokké, Panjenengané nyingkapké pangandikané liwat gawéan nginjil sing wis dipercayakké marang aku, miturut préntahé Juru Slamet kita, Gusti Allah. 4 Surat iki kanggo Titus, sedulur seiman sing wis kaya anakku dhéwé.
Muga-muga kowé nampa welas asih sing nggumunké* lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita, lan saka Kristus Yésus, Juru Slamet kita.
5 Aku ninggalké kowé ing Pulau Kréta supaya kowé ngurusi perkara-perkara sing kudu dibenerké* lan nglantik pinituwa-pinituwa ing saben kutha, miturut karo petunjukku iki: 6 Pinituwa kudu bébas saka tudhuhan, bojoné mung siji, nduwé anak-anak sing seiman sing ora ditudhuh bejat* utawa seneng mbrontak. 7 Merga dadi pengurus sing dilantik Gusti Allah, pengawas kudu bébas saka tudhuhan, ora tumindak sakarepé dhéwé, ora gampang nesu, dudu wong sing seneng mabuk, dudu wong sing kasar,* dudu wong sing mata dhuwiten lan mung nggolèk untungé dhéwé, 8 nanging loma,* seneng karo apa sing becik, nduwé pertimbangan sing apik,* tumindak miturut apa sing bener, setya, isa ngendhalèni dhiri, 9 terus ngetutké pangandika sing setya* wektu mulang, supaya dhèwèké isa nguwatké* wong-wong nganggo wulangan sing bener* lan isa ngélikké wong-wong sing nentang wulangan kuwi.
10 Ana akèh wong sing seneng mbrontak, seneng ngomongké bab-bab sing ora ana gunané, seneng ngapusi, lan akèh-akèhé saka wong-wong kuwi kandha nèk disunat kuwi penting. 11 Cangkemé wong-wong kuwi kudu dibungkem, merga wong-wong kuwi terus ngrusak keluarga-keluarga, nganggo cara mulangké perkara-perkara sing kuduné ora diwulangké, tujuané mung merga wong-wong kuwi mata dhuwiten lan mung nggolèk untungé dhéwé. 12 Salah siji saka antarané wong-wong kuwi, yaiku nabiné wong-wong kuwi dhéwé kandha, ”Wong-wong Kréta kuwi tukang ngapusi, kéwan liar sing galak, lan gawéané mung mangan lan turu.”
13 Kesaksian kuwi bener. Mula, terus élikna wong-wong kuwi kanthi tegas, supaya wong-wong kuwi nduwé iman sing kuwat,* 14 ora nggatèkké dongèng-dongèngé wong-wong Yahudi utawa préntahé wong-wong sing nyimpang saka apa sing bener. 15 Kabèh perkara kuwi resik kanggo wong-wong sing resik. Nanging kanggo wong-wong sing najis lan ora nduwé iman, ora ana perkara sing resik, merga pikiran lan hati nuraniné wong-wong kuwi wis najis. 16 Ing ngarepé wong akèh, wong-wong kuwi ngaku nèk kenal Gusti Allah, nanging tumindak-tumindaké nduduhké nèk wong-wong kuwi ora ngakoni Gusti Allah, merga wong-wong kuwi njijiki banget, ora manut, lan ora pantes nindakké apa waé sing apik.