Lukas
19 Banjur Yésus mlebu ing kutha Yérikho lan mlaku ngliwati kutha kuwi. 2 Ing kono, ana wong lanang sugih sing jenengé Zakhéus. Dhèwèké kepala petugas pajeg. 3 Dhèwèké péngin banget ndelok Yésus, nanging ora isa merga dhèwèké cendhèk lan ana akèh wong ing kono. 4 Mula, dhèwèké mlayu ndhisiki wong-wong lan mènèk wit ara,* supaya isa ndelok Yésus sing bakal liwat ing kono. 5 Wektu tekan kono, Yésus ndhangak lan kandha, ”Zakhéus, cepet mudhuna! Dina iki aku arep mara menyang omahmu.” 6 Zakhéus langsung mudhun lan nampa Yésus ing omahé kanthi seneng banget. 7 Nanging wektu weruh kuwi, wong-wong padha ora seneng lan bisik-bisik, ”Dhèwèké mara menyang omahé wong dosa.” 8 Nanging Zakhéus ngadeg lan kandha marang Gusti, ”Gusti, separo saka bandhaku bakal tak wènèhké marang wong miskin. Sapa waé sing wis tak apusi, dhuwité bakal tak balèkké ping papaté.” 9 Mula Yésus kandha, ”Dina iki, keslametan wis teka ing wong lanang iki lan keluargané, merga dhèwèké uga anaké Abraham. 10 Sebab Putrané manungsa teka kanggo nggolèki lan nylametké sing kesasar.”
11 Wektu murid-muridé ngrungokké kuwi, Yésus nyritakké siji manèh umpama, merga Yésus wis cedhak kutha Yérusalèm lan murid-muridé ngira nèk Kratoné Allah bakal langsung kétok cetha sakwisé Yésus tekan kono. 12 Yésus kandha, ”Ana bangsawan lunga menyang negara sing adoh kanggo dadi raja, sakwisé kuwi dhèwèké bakal bali. 13 Sakdurungé lunga, dhèwèké ngundang sepuluh budhaké lan mènèhi wong-wong kuwi sepuluh mina,* lan kandha, ʼGunakna dhuwit iki kanggo bisnis nganti aku bali.ʼ 14 Nanging penduduk negara kuwi sengit marang dhèwèké. Wong-wong kuwi ngirim utusan kanggo kandha, ʼAku kabèh ora gelem kowé dadi rajaku.ʼ
15 ”Sakwisé dadi raja, akiré dhèwèké bali. Banjur dhèwèké ngundang budhak-budhak sing wis diwènèhi dhuwit.* Dhèwèké péngin ngerti pira hasil bisnisé wong-wong kuwi. 16 Banjur budhak sing kapisan mara lan kandha, ʼNdara, nganggo dhuwit mina siji sing panjenengan wènèhké marang aku, aku éntuk untung sepuluh mina.ʼ 17 Dhèwèké kandha, ʼApik banget! Kowé pancèn budhak sing apik! Merga kowé setya ing perkara sing cilik banget, kowé bakal nduwé kuwasa kanggo sepuluh kutha.ʼ 18 Banjur budhak sing kapindho mara. Budhak kuwi kandha, ʼNdara, nganggo dhuwit mina siji sing panjenengan wènèhké marang aku, aku éntuk untung limang mina. 19 Dhèwèké uga kandha karo budhak mau, ʼKowé uga bakal nduwé kuwasa kanggo limang kutha.ʼ 20 Nanging budhak sing liyané mara. Budhak kuwi kandha, ʼNdara, iki dhuwit mina panjenengan, tak buntel nganggo kain.ʼ 21 Ngéné Ndara, aku wedi karo panjenengan merga panjenengan kuwi wong sing kasar. Panjenengan njupuk dhuwit sing ora panjenengan tabung, lan panjenengan manèn sing ora panjenengan sebar.ʼ 22 Dhèwèké kandha marang budhak mau, ʼBudhak sing jahat! Saka omonganmu dhéwé kuwi aku bakal ngadili kowé. Kowé wis ngerti nèk aku wong sing kasar, sing njupuk dhuwit sing ora tak tabung lan manèn sing ora tak sebar. 23 Terus ngapa kowé ora nglebokké dhuwitku* ing bank? Dadi wektu aku bali, aku isa njupuk dhuwit kuwi karo bungané.ʼ
24 ”Banjur dhèwèké kandha marang wong-wong sing ngadeg ing kono, ʼJupuken dhuwit mina kuwi saka dhèwèké lan wènèhna marang budhak sing nduwé sepuluh mina.ʼ 25 Nanging wong-wong kuwi kandha, ʼNdara, wong iki wis nduwé sepuluh mina.ʼ 26 Dhèwèké njawab, ʼAku kandha marang kowé, sapa sing nduwé, bakal dikèki luwih akèh. Nanging, sapa sing ora nduwé, senajan mung sithik sing diduwèni, kuwi bakal dijupuk saka dhèwèké. 27 Saiki, gawanen mungsuh-mungsuhku mréné, yaiku wong-wong sing ora gelem aku dadi rajané. Patènana wong-wong kuwi ing ngarepku.ʼ”
28 Sakwisé nyritakké kuwi kabèh, Yésus lunga ndhisiki wong-wong kuwi menyang Yérusalèm. 29 Wektu wis cedhak Bètfagé lan Bétani ing gunung sing disebut Gunung Zaitun, Yésus ngutus muridé loro, 30 lan kandha, ”Lungaa menyang désa ing ngarep kuwi. Sakwisé mlebu désa kuwi, kowé bakal weruh anak keledai sing dicencang, sing durung tau ditunggangi wong. Uculana taliné banjur gawanen mréné. 31 Nèk ana wong sing takon, ʼNgapa kok kowé nguculi anak keledai kuwi?ʼ jawaben, ʼGusti mbutuhké iki.ʼ” 32 Murid loro kuwi banjur lunga lan nemokké anak keledai kuwi kaya sing wis diomongké Yésus. 33 Nanging wektu murid loro mau nguculi anak keledai kuwi, sing nduwé keledai takon, ”Ngapa kok kowé nguculi anak keledai kuwi?” 34 Murid loro kuwi njawab, ”Gusti mbutuhké iki.” 35 Murid loro mau banjur nuntun anak keledai kuwi marang Yésus, ndèlèhké klambi njabané ing ndhuwur anak keledai kuwi, lan Yésus lungguh ing ndhuwuré.
36 Wektu Yésus liwat, wong-wong padha nggelar klambi njabané ing dalan. 37 Wektu tekan ing cedhak dalan sing mudhun saka Gunung Zaitun, kabèh muridé Yésus padha bungah lan ngluhurké Gusti Allah nganggo swara sing seru, merga kabèh mukjijat sing didelok. 38 Wong-wong kuwi kandha, ”Muga diberkahi Raja sing teka nganggo asmané Yéhuwah! Muga ana katentreman ing swarga, lan muga Gusti Allah ing swarga dimulyakké.” 39 Nanging, wong-wong Farisi ing antarané wong-wong kuwi kandha marang Yésus, ”Guru, élikna murid-muridmu.” 40 Nanging Yésus njawab, ”Aku kandha marang kowé, nèk murid-muridku tetep meneng, watu-watu iki sing bakal mbengok.”
41 Wektu wis cedhak kutha Yérusalèm, Yésus nyawang lan nangisi kutha kuwi. 42 Yésus kandha, ”Coba waé kowé ngerti perkara-perkara sing isa nggawé kowé dadi tentrem, nanging saiki perkara-perkara kuwi didhelikké saka kowé. 43 Bakal tekan wektuné, mungsuh-mungsuhmu nggawé bèntèng saka kayu-kayu lancip ing sak ubengmu. Mungsuh-mungsuhmu bakal ngepung lan nyerang kowé saka arah ngendi-endi. 44 Mungsuh-mungsuhmu bakal nggempur kowé nganti rata karo lemah lan nyirnakké anak-anakmu. Wong-wong kuwi ora bakal ngejarké siji-sijia watu isih numpuk ing ndhuwuré watu liyané, merga kowé wis diadili* nanging kowé ora sadhar.”
45 Sakwisé kuwi Yésus mlebu bait lan mulai ngusir wong-wong sing dodolan ing bait. 46 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Kitab Suci kandha, ʼOmahku bakal dadi omah donga,ʼ nanging malah kok dadèkké guwa rampok.”
47 Saben dina, Yésus mulang ing bait. Para imam kepala, para ahli Taurat, lan para pemimpiné wong Yahudi ngupaya kanggo matèni Yésus. 48 Nanging wong-wong kuwi ora ngerti piyé carané nindakké kuwi, merga wong-wong terus ngetutké Yésus kanggo ngrungokké piwulangé.