Yohanes
21 Sakwisé kuwi, Yésus ngétok manèh marang murid-muridé ing Laut Tiberias. Carané ngétok kaya ngéné. 2 Simon Pétrus, Tomas (sing disebut Kembar), Natanaèl saka kutha Kana ing Galiléa, anak-anaké Zébédéus, lan loro murid liyané lagi padha ngumpul ing kana. 3 Simon Pétrus kandha, ”Aku arep nggolèk iwak.” Sing liyané kandha, ”Aku mèlu.” Wong-wong kuwi banjur lunga numpak prau, nanging ing wengi kuwi padha ora éntuk apa-apa.
4 Wektu wis arep ésuk, Yésus ngadeg ing pinggir pantai, nanging murid-muridé ora ngerti nèk kuwi Yésus. 5 Yésus takon, ”Anak-anakku, apa kowé nduwé iwak kanggo dipangan?” Murid-murid njawab, ”Ora.” 6 Yésus kandha, ”Uncalna jala ing sisih tengené prau, lan kowé bakal éntuk iwak.” Mula murid-murid nguncalké jalané. Nanging merga saking akèhé iwak, murid-murid ora isa narik jalané. 7 Banjur murid sing ditresnani Yésus kandha marang Pétrus, ”Kuwi Gusti!” Wektu krungu nèk kuwi Gusti, Simon Pétrus banjur nganggo klambi njabané,* merga dhèwèké ora klambèn.* Sakwisé kuwi dhèwèké njegur ing laut. 8 Nanging, murid-murid liyané padha nyusul Pétrus numpak prau cilik karo nggèrèd jala sing kebak iwak kuwi, merga murid-murid kuwi ora adoh saka pantai, kira-kira mung 90 mèter.*
9 Sakwisé tekan pantai, murid-murid ndelok ana roti ing kono, lan iwak sing lagi dibakar ing ndhuwur geni. 10 Yésus banjur kandha, ”Gawanen mréné iwak sing bar kok tangkep mau, sithik waé.” 11 Mula Simon Pétrus munggah ing prau lan narik jala kuwi menyang pantai. Jala kuwi kebak iwak gedhé sing cacahé 153. Senajan iwaké akèh banget, jalané ora suwèk. 12 Yésus kandha marang murid-muridé, ”Ayo, padha sarapan.” Ora ana siji-sijia murid sing wani takon marang Yésus, ”Panjenengan sapa?” merga murid-murid ngerti nèk kuwi Gusti. 13 Yésus njupuk roti banjur mènèhké marang murid-muridé, semono uga iwaké. 14 Iki sing kaping teluné Yésus ngétok ing ngarepé murid-muridé sakwisé dhèwèké diuripké manèh saka antarané wong mati.
15 Wektu wong-wong kuwi wis rampung sarapan, Yésus takon marang Simon Pétrus, ”Simon anaké Yohanes, apa kowé nresnani aku ngluwihi kabèh iki?” Simon njawab, ”Ya, Gusti, panjenengan ngerti nèk aku nresnani panjenengan.” Yésus kandha marang Simon, ”Wènèhana mangan cempé-cempéku.” 16 Yésus takon manèh marang Simon Pétrus kanggo kaping pindhoné, ”Simon anaké Yohanes, apa kowé nresnani aku?” Simon njawab, ”Ya, Gusti, panjenengan ngerti nèk aku nresnani panjenengan.” Yésus kandha marang Simon, ”Engonen wedhus-wedhus cilikku.” 17 Yésus takon manèh marang Simon Pétrus kanggo kaping teluné, ”Simon anaké Yohanes, apa kowé nresnani aku?” Pétrus dadi sedhih banget, merga Yésus takon nganti ping telu, ”Apa kowé nresnani aku?” Mula Pétrus njawab, ”Gusti, panjenengan ngerti sakabèhé. Panjenengan ngerti nèk aku nresnani panjenengan.” Yésus kandha, ”Wènèhana mangan wedhus-wedhus cilikku. 18 Saktenané aku kandha marang kowé, wektu kowé isih enom, kowé biasa nganggo klambi dhéwé lan lunga menyang ngendi waé sing kok péngini. Nanging wektu kowé wis tuwa, kowé bakal ngegarké tanganmu lan wong liya bakal nganggokké klambi marang kowé, lan nggawa kowé ing panggonan sing ora kok karepké.” 19 Yésus ngomongké kuwi kanggo nduduhké carané Pétrus bakal mati kanggo ngluhurké Gusti Allah. Sakwisé ngomongké kuwi, Yésus kandha marang Pétrus, ”Terusa mèlu aku.”
20 Pétrus méngo lan ndelok murid sing ditresnani Yésus, ngetutké Yésus karo Pétrus. Murid kuwi wong sing lungguh ing cedhaké Yésus wektu perjamuan ing wayah wengi lan sing takon, ”Gusti, sapa sing bakal ngianati panjenengan?” 21 Wektu ndelok murid kuwi, Pétrus takon marang Yésus, ”Gusti, nèk dhèwèké piyé?” 22 Yésus kandha marang Pétrus, ”Nèk aku péngin supaya dhèwèké tetep urip nganti aku teka, ngapa kowé nguwatirké bab kuwi? Nanging kowé, terusa mèlu aku.” 23 Mula, ing antarané para sedulur ana kabar nèk murid kuwi ora bakal mati. Padahal Yésus ora ngomong nèk murid kuwi ora bakal mati, nanging Yésus ngomong, ”Nèk aku péngin supaya dhèwèké tetep urip nganti aku teka, ngapa kowé nguwatirké bab kuwi?”
24 Dhèwèké kuwi murid sing mènèhi kesaksian lan sing nulis bab kabèh iki, lan awaké dhéwé ngerti nèk kesaksiané pancèn bener.
25 Sakjané, isih ana akèh manèh sing ditindakké Yésus. Nanging nèk kabèh ditulis siji-siji, tak kira donya iki ora bakal amot kanggo ngwadhahi gulungan-gulungan sing ditulis kuwi.