Yohanes
10 ”Saktenané aku kandha marang kowé, wong sing mlebu kandhang wedhus ora liwat lawang, nanging mènèk témbok, wong kuwi maling lan rampok. 2 Nanging wong sing mlebu liwat lawang, wong kuwi pangoné wedhus-wedhus kuwi. 3 Sing njaga lawang mbukakké lawang kanggo wong kuwi, lan wedhus-wedhusé ngrungokké swarané. Pangon kuwi nyeluk wedhusé manut jenengé dhéwé-dhéwé lan nggiring wedhus-wedhus kuwi metu. 4 Sakwisé nggiring wedhus-wedhusé metu, dhèwèké mlaku ing ngarepé wedhus-wedhusé, lan wedhus-wedhusé ngetutké dhèwèké merga padha kenal swarané. 5 Wedhus-wedhus kuwi ora bakal ngetutké wong sing ora dikenal, nanging bakal mlayu saka wong kuwi, merga wedhus-wedhus kuwi ora kenal swarané wong kuwi.” 6 Yésus ngomongké umpama iki, nanging wong-wong Yahudi ora paham karo maksud omongané Yésus.
7 Yésus kandha manèh, ”Saktenané aku kandha marang kowé, aku iki lawang kanggo wedhus-wedhus gèmbèl. 8 Kabèh wong sing teka lan éthok-éthok dadi aku, wong kuwi maling lan rampok. Nanging, wedhus-wedhus kuwi ora ngrungokké wong-wong mau. 9 Aku iki lawangé. Sapa waé sing mlebu liwat aku bakal dislametké. Dhèwèké bakal mlebu lan metu lan nemokké panggonan sing akèh suketé. 10 Maling teka mung kanggo nyolong, matèni, lan nyirnakké. Aku teka supaya wedhus-wedhus gèmbèl isa nampa urip nganti saklawasé. 11 Aku iki pangon sing apik. Pangon sing apik masrahké nyawané* kanggo wedhus-wedhusé. 12 Wektu buruh opahan, yaiku wong sing dudu pangon utawa sing nduwé wedhus-wedhus kuwi, ndelok ana serigala teka, dhèwèké mlayu ninggalké wedhus-wedhus kuwi. Banjur serigala kuwi nyerang lan nggawé wedhus-wedhus kuwi kocar-kacir. 13 Buruh opahan kuwi mlayu merga dhèwèké nyambut gawé mung supaya éntuk opah lan ora perduli marang wedhus-wedhus kuwi. 14 Aku iki pangon sing apik. Aku kenal wedhus-wedhusku, lan wedhus-wedhusku kenal aku, 15 kaya Bapak kenal aku lan aku kenal Bapak. Aku masrahké nyawaku* kanggo wedhus-wedhusku.
16 ”Lan aku nduwé wedhus-wedhus liya, sing dudu saka kandhang iki. Wedhus-wedhus kuwi uga kudu tak gawa mlebu, lan bakal padha ngrungokké swaraku. Kabèh wedhus-wedhus kuwi bakal dadi sakelompok, lan pangoné mung siji. 17 Bapak nresnani aku merga aku masrahké nyawaku,* supaya aku isa nampa nyawaku manèh. 18 Ora ana wong sing njupuk kuwi saka aku, nanging aku masrahké kuwi merga karepku dhéwé. Aku nduwé wewenang kanggo masrahké kuwi lan aku nduwé wewenang kanggo nampa kuwi manèh. Préntah kanggo nindakké kuwi tak tampa saka Bapakku.”
19 Sepisan manèh, ana pendapat sing béda-béda ing antarané wong-wong Yahudi merga omongané Yésus kuwi. 20 Akèh sing ngomong, ”Dhèwèké kesurupan lan édan. Kanggo apa ngrungokké dhèwèké?” 21 Sing liyané kandha, ”Wong sing kesurupan ora mungkin isa ngomong kaya ngono. Roh jahat ora mungkin isa marèkké* wong wuta, ta?”
22 Wektu kuwi, ing Yérusalèm lagi ana Riyaya Penahbisan. Pas kuwi uga musim dingin, 23 lan Yésus lagi mlaku ing bait, ing Serambi Salomo. 24 Banjur wong-wong Yahudi padha nglumpuk ing sakiwa-tengené Yésus lan padha takon, ”Nganti kapan kowé nggawé aku kabèh penasaran? Nèk kowé Kristus, ngomonga terus terang.” 25 Yésus njawab, ”Aku wis ngandhani kowé, nanging kowé ora percaya. Gawéan sing tak tindakké nganggo asmané Bapakku, kuwi sing mènèhi kesaksian bab aku. 26 Nanging kowé ora percaya, merga kowé dudu wedhus-wedhusku. 27 Wedhus-wedhusku ngrungokké swaraku, lan aku kenal wedhus-wedhusku, lan wedhus-wedhusku ngetutké aku. 28 Aku bakal mènèhi wedhus-wedhusku urip saklawasé, lan wedhus-wedhusku ora bakal disirnakké. Ora ana siji-sijia sing bakal ngrebut wedhus-wedhusku saka tanganku. 29 Apa sing diparingké Bapakku marang aku kuwi luwih aji ketimbang liya-liyané, lan ora ana siji-sijia sing isa ngrebut kuwi saka tangané Bapak. 30 Aku lan Bapak kuwi siji.”*
31 Sepisan manèh, wong-wong Yahudi njupuk watu kanggo mbandhemi Yésus. 32 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Aku nduduhké marang kowé akèh gawéan sing apik saka Bapak. Gawéan endi sing marahi kowé péngin mbandhemi aku?” 33 Wong-wong Yahudi njawab, ”Aku kabèh mbandhemi kowé ora merga gawéan sing apik, nanging merga kowé ngrèmèhké Gusti Allah. Kowé kuwi manungsa, nanging kowé ndadèkké awakmu sawijiné allah.” 34 Yésus njawab, ”Ing Tauratmu, kan ana tulisan kaya ngéné, ’Aku ngendika, ”Kowé kabèh kuwi allah-allah,”’* 35 lan awaké dhéwé uga ngerti nèk apa sing ditulis ing kitab suci kuwi ora isa diowahi. Nèk wong-wong sing dikutuk karo pangandikané Gusti Allah waé disebut ’allah-allah’, 36 ngapa kowé ngarani aku, ’Kowé ngrèmèhké Gusti Allah’, mung merga aku kandha, ’Aku iki anaké Gusti Allah’, padahal aku disucèkké lan diutus Bapak menyang donya? 37 Nèk aku ora nindakké gawéan saka Bapakku, aja percaya karo aku. 38 Nanging nèk aku nindakké kuwi, percayaa marang gawéan sing tak tindakké senajan kowé ora percaya karo aku, supaya kowé isa ngerti lan saya ngerti nèk Bapak nyawiji karo aku lan aku nyawiji karo Bapak.” 39 Mula wong-wong kuwi saya ngupaya nangkep Yésus, nanging Yésus isa mlayu saka kono.
40 Yésus banjur lunga manèh nyabrang Kali Yordan menyang panggonané Yohanes mbiyèn mbaptis wong-wong, lan Yésus manggon ing kono. 41 Banjur akèh wong marani Yésus lan padha kandha, ”Yohanes ora nggawé mukjijat* siji-sijia, nanging kabèh sing diomongké Yohanes bab wong iki, kuwi bener.” 42 Mula akèh wong padha nduwé iman marang Yésus ing kana.