Kisah
5 Ana wong lanang jenengé Ananias. Dhèwèké lan bojoné, sing jenengé Safira, ngedol tanahé. 2 Nanging meneng-meneng dhèwèké nyimpen sebagéan dhuwit hasil saka ngedol tanah mau. Bojoné ya ngerti bab kuwi. Banjur Ananias nyerahké sebagéan dhuwit liyané marang para rasul. 3 Nanging Pétrus kandha, ”Ananias, kok isa kowé dipengaruhi Sétan, nganti wani-waniné kowé ngapusi lan nglawan roh suci, lan meneng-meneng nyimpen sebagéan dhuwit hasil ngedol tanahmu? 4 Kuwi kan tanahmu, ta? Lan sakwisé kok edol, dhuwité isa kok enggo sakarepmu, ta? Kok isa kowé nggawé rencana jahat kaya ngono ing atimu? Kowé wis ngapusi, dudu marang manungsa, nanging marang Gusti Allah.” 5 Wektu krungu kuwi, Ananias langsung tiba lan mati. Mula kabèh wong sing krungu kedadéan kuwi dadi wedi banget. 6 Banjur ana cah-cah enom sing mbungkus mayité Ananias nganggo kain, terus digotong metu, lan dikubur.
7 Kira-kira telung jam sakbanjuré, bojoné Ananias teka, tanpa ngerti apa sing bar kedadéan. 8 Pétrus takon marang Safira, ”Apa tanahmu sing kok edol kuwi regané pancèn seméné?” Safira njawab, ”Ya bener.” 9 Pétrus kandha, ”Ngapa kowé wong loro padha-padha nyoba ngapusi roh suciné Yéhuwah? Deloken! Wong-wong sing ngubur bojomu ana ing ngarep lawang, lan wong-wong kuwi uga bakal nggotong kowé.” 10 Safira langsung tiba ing cedhak sikilé Pétrus lan mati. Wektu mlebu, cah-cah enom kuwi weruh Safira wis mati, banjur cah-cah enom mau nggotong lan ngubur Safira ing cedhaké bojoné. 11 Mula kabèh jemaat lan kabèh wong-wong sing krungu kedadéan iki dadi padha wedi banget.
12 Para rasul terus nindakké mukjijat* lan perkara-perkara ajaib ing antarané wong-wong, lan ngumpul ing Serambi Salomo. 13 Senajan wong-wong liya ora wani nggabung karo para rasul, nanging wong akèh muji-muji para rasul. 14 Wong-wong sing percaya marang Gusti jumlahé saya akèh, lanang lan wadon. 15 Malah, wong-wong padha ngusung wong-wong sing lara menyang dalan-dalan utama lan mapanké wong-wong kuwi ing kasur cilik lan tandhu, supaya wektu Pétrus liwat, paling ora wong-wong sing lara kuwi isa kena bayang-bayangé Pétrus. 16 Uga, akèh wong saka kutha-kutha ing sakiwa-tengené Yérusalèm padha teka nggawa wong lara lan wong kesurupan roh najis, lan kabèh wong kuwi dimarèkké.
17 Nanging imam agung lan kabèh wong sing ndhukung dhèwèké saka golongan* Saduki banjur ngadeg. Wong-wong kuwi iri banget. 18 Wong-wong kuwi banjur nangkep lan nglebokké para rasul ing penjara kutha. 19 Nanging pas wayah wenginé, malaékaté Yéhuwah mbukak lawang-lawangé penjara, nggawa para rasul kuwi metu, lan kandha, 20 ”Lungaa menyang bait lan terus wartakna marang wong-wong bab urip mbésuk.” 21 Sakwisé krungu kuwi, ésuké, para rasul mlebu ing bait lan mulai mulang.
Wektu imam agung lan bala-balané teka, wong-wong kuwi nglumpukké kabèh anggota Sanhèdrin* lan kabèh pemimpiné bangsa Israèl, lan ngutus para petugas menyang penjara kanggo nggawa para rasul menyang ngarepé wong-wong kuwi. 22 Nanging wektu para petugas kuwi tekan penjara, para rasul wis ora ana ing kono. Mula, para petugas kuwi bali lan mènèhi laporan, 23 ”Penjarané isih kekunci rapet, lan para penjaga ngadeg ing ngarep lawangé, nanging wektu lawangé dibukak, ora ana sapa-sapa ing njero.” 24 Wektu krungu kuwi, kepala penjaga bait lan para imam kepala dadi bingung merga ora ngerti apa sing bakal kedadéan. 25 Nanging ana wong sing teka lan mènèhi laporan, ”Wong-wong sing kok lebokké penjara lagi ana ing bait lan mulang wong-wong.” 26 Banjur kepala penjaga kuwi lunga karo para petugasé lan nangkep para rasul, nanging tanpa tumindak kasar, merga wedi dibandhemi watu wong akèh.
27 Para rasul banjur digawa menyang ngarepé Sanhèdrin. Imam agung banjur nakoni para rasul 28 lan kandha, ”Aku kabèh wis tegas nglarang kowé supaya ora mulang nganggo jeneng kuwi, nanging kowé malah ngebaki Yérusalèm nganggo piwulangmu, lan nyalahké aku kabèh merga matiné wong kuwi.” 29 Pétrus lan rasul-rasul liyané kandha, ”Aku kabèh kudu luwih manut marang Gusti Allah* ketimbang marang manungsa. 30 Gusti Allahé leluhuré kita kabèh wis nguripké manèh Yésus, sing kok patèni nganggo cara maku* dhèwèké ing cagak.* 31 Gusti Allah wis mulyakké dhèwèké ing sisih tengené kanggo dadi Wakil Utama lan Juru Slamet, supaya wong Israèl mertobat lan diapura dosané. 32 Aku kabèh dadi seksiné bab-bab kuwi, semono uga roh suci, sing Gusti Allah paringké marang wong-wong sing manut lan nganggep Panjenengané dadi panguwasané.”
33 Wektu krungu kuwi, wong-wong mau dadi nesu banget* lan péngin matèni para rasul kuwi. 34 Nanging, wong Farisi sing jenengé Gamalièl, yaiku guru hukum Taurat sing diajèni kabèh wong, banjur ngadeg ing tengah-tengahé Sanhèdrin lan ngongkon supaya para rasul kuwi digawa metu sedhéla. 35 Dhèwèké kandha, ”Wong-wong Israèl, ngati-atia karo apa sing arep kok tindakké marang wong-wong iki. 36 Merga, mbiyèn ana wong sing jenengé Téudas sing ngaku-aku wong penting, lan kira-kira 400 wong nggabung karo dhèwèké. Nanging dhèwèké dipatèni lan wong-wong sing dadi pengikuté padha bubar lan kelompok kuwi ora ana manèh. 37 Sakwisé kuwi, ing mangsa pendaftaran penduduk, ana Yudas wong Galiléa lan dhèwèké nduwé pengikut. Nanging, saiki dhèwèké wis ora ana manèh lan para pengikuté bubar. 38 Mula nèk ndelok kahanan saiki, aku ngandhani kowé, aja mèlu-mèlu urusané wong-wong iki, nanging ejarna waé. Nèk wulangan lan gawéan iki saka manungsa, iki bakal sirna. 39 Nanging nèk iki asalé saka Gusti Allah, kowé ora bakal isa nyirnakké wong-wong iki. Ngati-atia, merga isa waé kowé dhéwé sing malah nglawan Gusti Allah.” 40 Wong-wong kuwi nuruti naséhaté Gamalièl, terus para rasul diceluk manèh, banjur dipecuti,* lan dikongkon mandheg ngomong nganggo jenengé Yésus. Sakwisé kuwi, para rasul dibébaské.
41 Mula para rasul banjur lunga saka ngarepé Sanhèdrin. Para rasul bungah banget merga Gusti Allah wis nganggep para rasul kuwi pantes dirèmèhké demi jenengé Yésus. 42 Saben dina, ing bait lan saka omah menyang omah, para rasul tanpa mandheg mulangké lan martakké kabar apik bab Kristus, yaiku Yésus.